Menyang kontèn

Kaca:Menak Jamintoran 2.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

lamun taliti Kuparman,
sayekti remak gununge,
dadi bubuk kalampahan,
mila sadaya maras,
sami nangis gumarumung,
minta welase Ki Putra.

6.
Acipta sajroning galih,
Pangeran Putra ing Kelan,
mulat tangise wong akeh,
yen iki sun tutugena,
iya bramatyaningwang,
pasthi gedhe dosaningsun,
wong sawiji ingkang dosa.

7.
Yen uga gawea pati,
wong akeh isining palwa,
kang ora dosamaring ngong,
liwat nora kabeneran,
iya saliraningwang,
sun narima ing Hyang Agung,
kang anitah guladrawa.