geng alit wong Jamintoran.
34.
Miwah prameswari aji,
sampun kadi ingkang putra,
enggene ayoga dhewe,
tuwin santana sadaya,
jalu estri sih marma,
yen tinangkil Sanga Prabu,
dhadharan lan para nata.
35.
Panuwune kang para ji,
tuwin kang para dipatya,
satriya samya ature,
kang putra Pangeran Kelan,
yen nangkil binektaa,
pinondheya wanuhipun,
sami angalap manpangat.
36.
Yen kondur Sri Narapati,
para ratu ingandikan,
sadaya manjing kadhaton,
ingiringaken kang putra,
bojana ing jro pura,
pinurih lega tyasipun,
tetep aneng Jamintoran.
37.
Tan ana pegat saari,
denira samya mong suka,
suyud sawong praja kabeh,
wadya sih marang Ki Putra,
laila parimarma,
gung alit sami sihipun,
kuneng gantya kang winarna.
38.
Wonten Narendra linuwih,
mapan ta sakawan sanak,
sami gagah prakosane,
sami kadigdayanira,