Putri Kelan patutane,
Putri Kelan Jeng Ibu,
ingsun ngadeg satriya adi,
mengku nagari Kelan,
angreh para ratu,
satriya babala raja,
mulanipun kongsi wruh nagari ngriki,
awit saking kasasar.
25.
Ngiring-iring Jeng Rama don jurit,
bedhah nagari ing Kalakodrat,
miwah Sorangan bedhahe,
Sri Mandalika Uktur,
Mraja Gaji pan wus ngemasi,
banjur gitik ing Rokam,
Gulangge wus nungkul,
Jeng Rama neng nagari Rokam,
apepara sun pisah lan wadya mami,
neng wana Jaminingrab.
26.
Sangsam ijo kang ingsun baledig,
kasasar marang taman Iskandar,
nuju Sang Retna neng kono,
iya ing taman iku,
sabalane sun diaturi,
neng taman Jaminingrab,
alase puniku,
tamane taman Iskandar,
ingsun turu ginawa marene iki,
tan wruh kalinganea.
27.
Matur alon Sadarsal Sadarsil,
yen makaten paduka manungsa,
punapa kaprah warnane,
putra Arab puniku,
ing warnane sami lan ejin,
ratuning parayangan,