ana kang den liwati.
34.
Mraja Salsa! Sang Prabu ing Kalakodrat,
kang ngirid nunumpesi,
prandene ana kang,
tan milu mangsa janma,
padesan urut pasisir,
kang ingaliman,
sadaya nungkul sami.
35.
Marang Raja Salsal pangiriding lampah,
wusnya kawandasa ri,
mundur Raja Salsal,
Ian sagung para nata,
ambekta para patinggi,
dhomas sadaya,
sami urut pasisir.
36.
Urut gunung kabeh sami tinumpesan,
Raja Salsal wus prapti,
kendel jroning kitha,
panggih wau kalawan,
Wong Agung Parangtejeki,
jenengi samya,
panggempuring nagari.
37.
Wong Agung pan maksih aneng jawi kitha,
sirna sajroning puri,
lawan jro nagara,
ilang sipating praja,
besmi kabeh sirna tapis,
dadya ra-ara,
Wong Agung Ngalabani.
38.
Bubar mundur sasirnaning kang nagara,
sarwi wau angirid,
marang Raja Salsal,
prapta pakuwonira,