Menyang kontèn

Kaca:Menak Jamintoran 1.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

29.
Pira-pira wau ta kang para nata,
kadya babad bung pacing.
anacah semangka,
bantingi timun ika,
sanggen-enggen pan den ungsir,
wus datan ketang,
cacahe kang papati.

30.
Pan walahuaklam mung Allah kang wikan,
gunggunge kang papati,
kutha ginempuran,
kabeh binedhil kaca,
mring Dipati Guritwesi,
kadhatonira,
kabeh wus dadi geni.

31.
Ingucapken dening kang Alulkikayat,
prapta kawandasa ri,
peteng kang nagara,
ing kukusing dahana,
dadya awu ing jro puri,
lan batanira,
ludhes wus awor siti.

32.
Kang somahan punggawa lawan satriya,
prajurit pra dipati,
binedhilan kaca,
Sihngiyar Tajiwalar,
wong kakalih angubengi,
ambedhil kaca,
lunas kabeh wismeki.

33.
Pan cinatur kongsi patangpuluh dina,
denira nunumpesi,
ing wong mangan janma,
siji tan inguripan,
desa urut wukir-wukir,
kang tinumpesan,