ing gadane Jayengmurti,
saliranira,
gumeter riwe mijil.
20.
Kadi siram lan obah babalungira,
rongatus nenem sami,
markiyu anggannya,
Sri Gajimandalika,
Uktur repot ing ngajurit,
isin sasambat,
dangu tan na sor kalih.
21.
Kadya guntur gumuntur sakethi arga,
suraking bala kalih,
mungsuh Jawan rowang,
sigra Sang Kakungingrat,
enget yen mungsuh lan eblis,
lan brekasakan,
tan nistha andhingini.
22.
Matak Jabur pan sarwi nolih ing wuntat,
Dipati Guritwesi,
ngulukaken sigra,
totopong mring ngawiyat,
wadya samya tutup kuping,
mudhun sadaya,
prajurit kang turanggi.
23.
Anutupi karna lan dipangganira,
sigra Sang Bagenda Mir,
anyandhak pinggangnya,
gumujeng Mandalika,
arep apa sira iki,
alon saurnya
sakarep wong ngajurit.
24.
Sigra petak sarwi anjunjung Sang Nata,
tininggil ing wiyati,