Menyang kontèn

Kaca:Menak Jaminambar III.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi


40.
Baris Ngarab wus mijil gumulung kadya

sungapan waudadi

tata barisira

Sultan Kamidil Ngalam

ginarebeg ing para ji

wus aneng papan

munggwing amparan manik


41.
Lajeng nitih pun Askarduwijan mangsah

kawrat kaprabon jurit

prapteng rananggana

Sultan Kamidil Ngalam

mider ing papan sesirig

asumbar sumbar

sapa arsa ngemasi.


42.
Heh ya sapa tan wruha wong Jaminambar

yengsun Surayengbumi

turasing dipatya

Ngabdul Muntalip Mekah

kang peputra nama Hasim

Hasim kang putra

Seh Ngabdul Manap yekti


43.
Ngabdul Manap kang putra Bagendha Kasah

Kasah ingkang sesiwi

Mahaprabu Kelan

narpati wiratama

trah Kures prawirengjurit

heh Saesalam

metuwa kene jurit.

44.
Aja ngemungaken ngedu para nata

tanpa wekas ing jurit

payo Saesalam

heh padha aprang muka

arok bandawala pati

atepung jangga

singa tiwas ngemasi.