Menyang kontèn

Kaca:Menak Jaminambar III.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi


35.
Inggih mangsa wandeya pun Kakungingrat kula kang nyepeng mbenjing ingkang nembahena inggih ing padukendra sampun tuwan wancak galih apan kawula mbenjing ingkang mungkasi.

36.
Duk miyarsa Mahaprabu Saesalam ature Kyana Patih Sapardan mangkana suka lejar tyas nata iya mangkono patih wiyahen uga yen ora kotemeni.

37.
Sapa maning Sapardan yen dudu sira mungkasi gawe iki ratu ewon leksan wus katog tanpa guna eman praja den ratoni apes ing aprang siji tan angudhili.

38.
Singa magut kapikut ngringkuk kabanda si raja Ngarab iki lamun pinaluta iya kang padha guna pira kadare pan cilik yen temenana suwe amecah ranti.

39.
Tan kawuwus ing dalu enjing tengara gubar gurnang thong thong grit kendhang gong wurahan umyang maguru gangsa kang baris wendran umijil arebut papan lir wutahingjaladri.