30.
Salaminya aprang sampun kawan candra
amung sepisan odhil
ping seket kasoran
akeh kang para nata
ana mati ana urip
samya kabanda
atusan ingkang mati.
31.
Para ratu andina dina kang prapta
saking manca nagari
lajeng prang kabanda
tan ana dadi karya
patang ewu prapta malih
kang para raja
ingkang saking pesisir.
32.
Angendika Mahaprabu Saesalam
balengsun akeh prapti
Si Kamidil Ngalam
wonge wus ntek tan ana
mung iya kang ana iki
prandene prangnya
wong kene kang kajodhi.
33.
Tanpa guna kabeh bala Jaminambar
lagi sapisan ini
ana mungsuh prapta
tarunge nora daya
apa sun nuli ngawaki
destun kaliwat
tanpa gawe para ji.
34.
Kadya singa memangsa mrih kaoncatan
ndukani pra narpati
Kya Patih Sapardan
umatur saha nembah
dhuh gusti sukmaning bumi
sampun sungkawa
amba mbenjing miyosi.
24