Menyang kontèn

Kaca:Menak Jaminambar III.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


25.
Wus tininggil ingikal kadi likasan
sareng petak binating
luluh awor kisma
balunge ting palesat
wonten kadange glis prapti
Raja Umerba
lajeng denya nggadani.

26.
Wanti wanti anggada Raja Umerba
cinadhak wus binanting
sumyur ing bantala
lyansah lan Umerba
sareng denya angemasi
ratu sekawan
umangsah pareng prapti.

27.
Ciandhakan kapat pisan wus kabucal
tibeng baris Kohkarib
wus samya binanda
Sultan Kamidil Ngalam
wuru riwut krura runtik
akeh kang prapta
pra nata dencandhaki.

28.
Prang sadina Wong Agung Kamidil Ngalam
angsal mbanda para aji
kehe seket lima
mundur bala kalihnya
dening wus diwaseng ratri
wong Jaminambar
sungkawa sor ing jurit.

29.
Bala Ngarab ing dalu samya bujana
ya ta ingkang winarni
prabu Jaminambar
duka renteng kalintang
de pirang pirang narpati
myang sinatriya
singa mangsah kajodhi.

Hal 23