5.
Ratu ingkang lagi prapti
mberanyak aneng dipangga
asri tinon ampilane
kabeh payung kretas pita
ampilane gendhewa
lare wadhan lerenipun
lang kang ngampil endhong emas.
6.
Baktiyar matur wotsari
punika nateng Jarjanah
Raja Rundaem kinaot
ratu prawira digdaya
undhagi mandraguna
pilih tandhing yudanipun
ratu balanipun Maktal.
7.
Wonten malih ratu prapti
wadyanira abra sinang
lir panjrahing puspitabyor
busana warna-warna
arining kang upacara
narpatine nom abagus
respati munggwing turangga.
8.
Tanya Robbussamawati
iki sapa ratu prapta
Patih Baktiyar ature
punika rajeng Basarah
Raja Umardibaram
ratu awrat ing prang pupuh
sami balanipun Maktal.
9.
Gedheg Robbussamawati
si Maktal apa prawira
sugih bala para katong
Baktiyar matur anembah
inggih langkung prawira
tan wonten kang para ratu
tandhing wawrating ngayuda.