Menyang kontèn

Kaca:Menak Cina 5.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

25.

26.

27.

aja wowor sambu padharane saban-saban

wusnya wrata juru mangsaking para ji

sami nampeni mentah.

Juru mangsak putri Parangakik sinaosan ingkang olah-olah

sang putri badha dhahare

ingkang kinarya kayu

mori kasa lawan caweni

ingurab lan martega

pirang-pirang tumpuk

martega sewu jembangan

kadi gunung mori kasa lan caweni anggili saking pura.

Mung padharan putri Parangakik ingkang kayu mori lawan kasa martega urab-urabe

kalangkung kurmatipun Kelaswara maring sang putri Parangakik Sudara

wreti anggepipun

Kelaswara wus ambiyang sungkemipun lahir sasat ibu sori ing batin ambendara.

Para putri kasukan jro puri para raja kasukan ing jaba let sakelir bata nggene sajroning taman lulut

jaba ing jro gumuruh atri suka anutug suka

sagung para ratu

lir suwak nagari Kelan

ngemprak-emprak kadya suwak kebak dening

wadya kang mawi karya.