Menyang kontèn

Kaca:Menak Cina 4.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

10.
Oreg sagung kang anangkil
praptaning ngarsa sang nata
Gajahbiher ngadeg age
ditya alon tinakonan
buta ing ngendi sira
ditya kalih sauripun
huk nah ngong buta Sindhula.
11.
Nanging praptaningsun iki
nuk hah angembani surat
araningsun Bujar Jawes
dene kang kongkon maring wang
Wong Agung Surayengrat
iya iku tunggulipun
kang baris Mariyobara.
12.
Raja Jamum ratu mami
kang aneng Wukir Sindhula
tinumpes ingsun binoyong
Jamum saputrine pejah
aprang mung telung ejam
mungsuh lawan balanipun
Wong Agung ing Tasikwaja.
13.
Raden Sihngiyar nameki
lawan Raden Tajiwalar
tan kongsi kawruhan ngakeh
ditya tri atus sarsaran
sima saking Sindhula
huk hah sun iki ingutus
iya maringaken surat
14.
Mring Raja Kelan Jajali
kyana patih alon mojar
lah endi layangmu kene
sunaturna sri narendra
serat wus tinampanan
lajeng katur mring sang prabu.