siji buta kaki-kaki.
15.
Byar raina praptanira
wus angumpul katri kang para putri
Tajiwa1ar wus angumpul
kalawan Ki Sihngiyar
sakancane angadhep putri katelu
Adaninggar matur nembah
kang mbok kawula rumiyin.
16.
Mantuk pakuwon ing wuntat
angandika Retna Sudarawreti
dadi sira nora milu
seba mring pasanggrahan
rajaputri Karsinah nambungi wuwus
becike yayi miluwa
sira mentas antuk kardi.
17.
Utamane ngaton padha
mbok ginanjar aja liya nampani
Retna Sudara gumuyu
ana benere uga
Adaninggar malerok sarwi mbasengut
ingkang raka kalih pisan
kang sami denpaleroki.
18.
Boya kudu adol karya
mring wong kana kana sarira mami
mung dheweka karo iku
kang padha ingsun reksa
nora nedya tampa ganjaran wakingsun
kadang tuwa nemu papa
wong anom nanggulang pati.
19.
Sudarawreti ngandika
karsanira yayi ndhingini mulih
Adaninggar nembah mundur
Sudarawreti ngatag