Menyang kontèn

Kaca:Menak Cina 4.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

44.
RAJA JAMUM SAANAKIPUN KAKALIH PEJAH DENING PUTRI CINA
PANGKUR

1.
Payo jer ko anak buta
buta bebret si Mardawa Mardawi
tedhake buta garuwung
si Samum peperungan
buta bangkrah bebedholan madhul madhul
pepedhotan andheradhat
lumayu Iunga angili.
2.
Thukulane yen thekela
bongkotane bungkik kawalik-walik
bekakrak kabekuk-bekuk
ngungsi Sigarsi guwa
ingulatan julalatan duk kapangguh
ndhelik angeret pinanah
kakekamu rontang-ranting.
3.
Mangkrak krura putri ditya
babo babo kumesat kadya riris
susumbare dene wutuh
saen bisamu ngucap
kaya nora ngong wruh barang pratingkahmu
si tampikan adol karya
sira putri tan wruh ngisin.
4.
Mangka yen sira becika
mangsa ndadak ngungahana tinampik
tedhake ratu kukuncung
kukucir anelacar
kocar-kacir angunggahi nora payu
si piyek dadi poyokan
lunga ngawar kowar-kawir.
5.
Runtik menthang langkapira