Kaca iki wis divalidasi
wentise kiwa kacundhuk
niba saking turangga
sumaput panonireki
surak umung gumuruh bala Yujana.
16.
Wau kang aneng ngawiyat
waspada kang putra kanin
nanging sampun ginosongan
kang prapta Raden Pirngadi
umagut liru tandhing
kang ngambara kalihipun
maniyup kadya kilat
putri adi Parangakik
lawan putri Karsinah durma praptanya.