Menyang kontèn

Kaca:Menak Cina 1.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

4.

MENAK JAYENGMURTI PERANG KALIYAN RAJA KEMAR

SINOM

l;

Rekyana patih tur sembah pukulun sang rajaputri

sagung pusaka wasiyat

saking rama paduka ji

kang binektakaken inggih dhateng nah angger pukulun

pan pethi kang sadasa

pethi kancana satunggil

pan kawula pinetik rama paduka.

Pethi mas isi berkatan

awasta Tunggul Ibrahim

langkung sinekti punika

lerese kang darbe waris

trahing Nabi Ibrahim

pun Kalana Jayengsatru

Wong Agung ing Kuparman

punika lamun suwawi

wedalena saking kandhaga kancana.

Suka mesem Sang Lir Retna pundhuten kandhaga rukmi pawongan titiga prapta

kang mbopong kandhaga rukmi

suka mesem Sang Putri

heh kalingane Wong Agung Surayengpramudita pusakane aneng mami lah wa Patih mara iku ungkabana

Mendah sukane ing benjang Wong Agung Surayengbumi

41