watara kawan asta,
suku tinarik wong sewu,
ing rante datan kaikal.
29.
Samongsa suku ginonjing,
prajurit kang sewu rebah,
suka sagung kang balandher,
kang munggeng ngarsa narendra,
miwah sagung biyada,
kang ngayap ing ngarsa prabu,
para putri samya suka.
30.
Nengguh sri rajeng Biraji,
aparekan putri samya,
samya boboyongan kabeh,
nanging datan cinangkraman,
namung putri sadasa,
kang kaparek siyang ndalu,
kinempit tan sinung benggang.
31.
Wonten putri ing Lojami,
kang putra Raja Kurisman.
wus lami denya kaboyong.
marang Raja Aspandriya,
putri ayu utama,
binekta kadange jalu,
nama Raden lnggrisiliyar.
32.
Ambekta bala sakethi,
saking Lojami nagara,
sang dyah ayu paparabe,
Retna Dewi Saribengat,
langkung lumuh sang nat
agung kinebon sang ayu,
tan amor Ian putri kathah.
33 .
lng siyang ndalu anangis,
Retna Dewi Saribengat,
langkung lumuh mring sang katong,