lengser saking ing ngayunan.
24.
Budhal saupacareki,
mung mbekta bala sanambang,
Ian upacara karaton,
bandera lelet-leletan,
sakawan kang binekta,
asigra kang dipun utus,
anjujug Kya Kalbudiyan.
25.
Kagyat punggawa Biraji,
kang baris njawining kitha,
myat upacara karton,
praptane alalancaran,
katur mring Kalbudiyan,
wus pinariksa kang rawuh,
yen dutane Jayengrana.
26.
Namane duta prajurit,
rajeng Bangid Darundiya,
mundhi tunggul panantange,
saking sri sang kakunging rat,
Dyan Patih Kalbudiyan,
methuk kang caraka rawuh,
binekta mring pasanggrahan.
27.
Tinanyan lampahireki,
yen mundhi tunggul panantang,
abadhe katur sang katong,
sigra Patih Kalbudiyan,
ngirit marang njro kitha,
ingkang kawuwusa wau,
Sang Aprabu Aspandriya
28. Duk lagya mijil tinangkil,
sang prabu arsa tenaga,
munggeng ing panangkilane,
ngadeg munggeng rimbagan mas,