Kaca:Mayangsumirat.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

durung naté didadèkaké buku. Mung ana sapérangan geguritané ana sing wis diramut lan dirumat déning para sutresna sastra Jawa kanggo mrada kembang setamané, kayata Drs. Susatyo Darnawi, Prof. Dr. Suripan Sadi Hutomo, St. Iesmaniasita. Dalasan ing bukuné J.J. Ras kang tingeran mawa irah-irahan Javanese Literature Since Independence waé uga tinemu tulisané dhèwèké iku. Susilomurti, tilas pimpinan rédhaktur Kumandhang (Jakarta) uga mèlu ngramut crita cekaké Muryalelana iki ana ing kumpulané crita cekak lan geguritan gagrag anyar kang ditengeri: Dongèng Katresnan. Crita cekak iku asesirah “Kéndhang”. Dhèk jaman répolusi pisik, ing taun 1947 ditawan Walanda ana ing bumi Salatiga, Mlathèn Semarang, Pekalongan, lan akhiré dibuwang menyang Nusakambangan. Lawasé udakara rong taunan suwéné. Nganti karampungané bedhamèn Room-Royen lagi dibébasaké. Bébas saka Walanda banjur mbacutaké pasinaoné manèh, lulus saka SGA (Sekolah Guru A) Negeri Semarang taun 1955, terus benum dadi guru SGB (Sekolah Guru B) Negeri Pecangan Jepara.

Bareng-bareng karo kanca-kancané sing nunggal gegayuhan, Susilomurti, Sudharmo KD, Trim Sutidjo, Esmiet, N. Sakdani Darmopamudjo, Ki Adi Samidi, Widi widayat, lan liya-liyané, ing taun 1966 sasi Agustus ndhapuk Organisasi Pengarang Sastra Jawa ana ing Ratawijayan Ngayogyakarta. Sudharmo KD kapiji dadi sesepuhé. Banjur ing taun 1968 bareng-bareng karo Anjar Any, N. Sakdani Darmopamudjo, Moch Nursyahid Purnomo, Arswendo Atmowiloto gawé kalawarta basa Jawa aran Dharmakandha sing wusanané ing taun 1971 malih dadi Dharma Nyata ana ing Surakarta.

64

~ antologi geguritan; MAYANGSUMIRAT