Kaca:Mayangsumirat.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Biografi Panggurit


Muryalelana, lairing Salatiga, 31 Desember 1930, séda 3 Juni 2002.Yèn kanca-kancané sababag kayadéné Esmiet, Tamsir As, Susilomurti, Sudharmo KD, St. Iesmaniasita, lan liya-liyané manèh padhadéné tuwajuh gawé crita cekak, crita landhung, lan geguritan, pengarang iki manéka warna sing diayahi. Iya geguritan, iya crita cekak, iya basa pinurba, iya ngroncé kawruh kasusastran (Jawa Kuna, Jawa Tengahan, Jawa Anyar, Jawa Kamardikan), paramasastra, karawitan, kabudayan, lan sapanunggalané. Lan arang sing diakep déning kanca-kancané sabarakané, yaiku tulisané sing dhapur kritik sastra. Pancèn tulisané kajaba sing wujud crita cekak lan guritan, akèh sing dhapur tulusan kritik sastra. Nganti kancakancané marabi dhèwèké: Kritikus Sastra Jawa Jaman Kamardikan.

Tulis-tulisané wiwit taun 1956 sumebar ana ing hudyananing saben kalawarta basa Jawa kang naté metu ing jaman kamardikan. Kajaba iku, anggitan-anggitané uga tinemu ana ing majalah-majalah basa Indonesia kayadéné: Warnasari, Simponi, Mingu Ini, Andika, Gelora Berdikari, lsp. Dhèwèké uga kerep kapiji gawé makalah sing gegayutan karo kasusastran lan kesenian. Ana ing Surakarta, Ngayogyakarta, Semarang, Bojonegoro, Jakarta, lsp. Nanging waé tulis-tulisané iku mau, lan uga makalah-makalahé sing wis naté digawé

Muryalelana ~

63