Kaca:Mayangsumirat.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wangsalan i


apa ujaré presidhèn amérika

wong kabèh mung gari rigené sing duwé niyat

najan tumpakan gawéyan jepang

ora prelu kesusu nesoni sing lagi kebranang

dhasaré éling welingé ratu-ratu trah metaram

sutresna kepati niyat mangkubumi pretiwi

hambok dikrocok gaman abad rongpuluh

ora bakal dhadhal gawaring pikukuh

takokna pisan marang prime ministery inggris

diincera ora samar ora miris

punglu bedhil tresnaku pancèn ora lamis


-0-


karanggenong, 22 maret 1985


Djaka Lodang, No. 616 Th. XV

Sabtu Kliwon, 31 Agustus 1985, kaca 35

Muryalelana ~

31