owel
sejatiné durung rumangsa tuwuk sumusuping asih
nanging kagégé punggel pradapaning kasutresnan
kaselak sliramu kapundhut pangéran
tanpa pamitan
sepira njontonging ati ireng mbaléntong tengahing pethak
ora ana tembung kanggo ngukir lungiting asih
krana lembuting pangrasa tan kena kinayangapa
nglanguting panggedhawa sing tanpa pada
saupama sliramu kanti ngrangu sumuyuding bekti
kapangku
tak kira ora mentala mugut pupusing rasa kamanungsan
nanging kanyatané tega ngrabuk rudatining kanelangsan
luguné aku éling manawa sliramu sadrema kawasésa
dikayangapa pangendhaking kulawangsa ngetog daya tanpa
guna
lan sliramu ora bakal nalisir garising takdir
sepira njontonging ati sing putus ing punagi
tak tampa runtuhing tulak sarik saru siku
sartaning banjiring bebendu lan panyendhu
tak sangga sakabèhing panyoba lan wisuna
sanajan aku sejatiné ora darbé panjangka
10
~ antologi geguritan; MAYANGSUMIRAT