jalaran kasusastran mboten tepang kaliyan prekawis ‘telat’. Sastra badhé langgeng (kados antologi menika) awit tansah ngandhut intining bab gegayuhan lan pengajeng-ajenging manungsa anggènipun mbudidaya ngindhakaken kawruhipun ing gesangipun. Prakawis ingkang dipunrembag dening panggurit 30 (tigang dasa) taunan kepengker saged ugi sampun mboten pinanggih malih ing jaman samangké, nanging ugi saged kosok wangsulipun.
Mugi-mugi antologi ingkang ngewrat 50 (sèket) guritanipun Bapak Muryalelana lan ingkang naté kapacak ing kalawarta Djaka Lodang punika saged kanggé tandha bilih gegebengan tuwin warisanipun saged kasemak déning generasi sapunika.
Nuwun
Ngayogyakarta, 29 Oktober 2012
Édhitor
Dhanu Priyo Prabowo
xii
~ antologi geguritan; MAYANGSUMIRAT