Kaca:Mayangsumirat.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sambutan

Kepala Balai Bahasa

Daerah Istimewa Yogyakarta


Salah satunggiling tanggel jawab saking Balai Bahasa Yogyakarta inggih punika nglestantunaken basa lan sastra dhaérah (Jawi). Basa lan sastra Jawi minangka kabudayaning masarakat Jawi kedah dipunlestantunaken amrih saged sumrambah tumrap generasi salajengipun. Kanthi lairipun antologi geguritan anggitanipun Bapak Muryalelana punika, tanggel jawab suwau kabuktèken. Miturut katrangan, antologi punika rumiyin awujud naskah ketikan ingkang sampun siap dipunpadosaken penerbit, nanging dèrèng ngantos kelampahan, Bapak Muryalelana sampun kapundhut Gusti langkung rumiyin. Naskah menika kapasrahaken dhumateng édhitor (Dhanu Priyo Prabowo) supados ing bénjangipun katerbitaken. Naskah kapasrahaken déning Ibu Muryalelana, sadinten sasampunipun Bapak Muryalelana kapetak (4 Juni 2002), ing dalemipun Jalan Diponegoro, Ungaran, Semarang. Kala semanten piyambakipun Dhanu nuju layat, sanajan randhat sadinten (amargi kabaripun ugi telat).

Buku antologi Mayangsumirat ing pangajab saged kanggé nedahaken kiprahipun Bapak Muryalelana ang-

Muryalelana ~

ix