Menyang kontèn

Kaca:Mawar Mawar Ketiga.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

•St. lesmaniasita - Mawar Mawar Ketiga

5


DADIA TIRAKATMU ANAKKU


Dadia tirakatmu anak-anakku
yen dina iki ora ana upa
kowe padha ora mangan sega
kejaba gegelan tela
tamba ngelih panyuwaraning wetengmu

Dadia tirakatmu anak-anakku
sewengi ngrungu udan kumricih
padha ndekep weteng ngelih
kemul amoh gombalane biyungmu
ing gubug trocoh gubuge bapakmu

Kliwat saking ketesing kringete
Sengkude gawe luluh dina-dina
sengkude bapakmu ngusungi bata.
nggarap gedhong-gedhong ana kutha
nembok gedhong susun sundhul angkasa
wis kliwat saking olehe ngaya bapakmu
(olehe melu mbangun Negara
olehe labuh dadi luluhing Bangsa)
ngranggeh tukone ketela

Dadia tirakatmu anak-anakku
dadia pambukaning nalarmu
dadia marganing kamulyanmu besuk
cingkrang lan kasangsarane wong tuwamu
kang tumpuk-tumpuk

□ 1964