Menyang kontèn

Kaca:Mawar Mawar Ketiga.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ATUR PANGIRING


Sastra Jawa kuwi gudhange puisi. Yen kita semak buku-buku Sastra Jawa kang ana ing perpustakaan musium, bisa kawuningan bab mau. sepira akehe sing wujud crita gancaran lan pira maneh sing wujude puisi (tembang). Malah ing mangsa jayane wingi-wingi, Sastra Jawa sing wujud puisi mau, urip subur sajroning bebrayan Jawa. Akeh karya sastra sing kanggo mat-matan ing satengahing pasamuan. kaya upamane diwaos ditembangake kanggo cegah lek, kanggo wungon jagong bayek, lan liya-liya.
Mula wis sapantese yen dinane iki puisi Jawa gagrak anyar kang katelah aran "guritan", bisa urip ngrembaka. Dadi sarananing pikiran lan pangrasane bebrayan saiki anggone miyak kabut-kabute jaman. Wis sapantese yen kuwagang dadi tali-talining pangerten kita kabeh sajroning nungsung lan nutut lajuning pembangunan.
Mangkono sajroning buku iki sedulur St. lesmaniasita, pengarang kang wis pada kita kenal, ngaturake guritan-guritane klawan irah-irahan kumpulan : MAWAR MAWAR KETIGA
Muga-muga klawan kababare buku kang sajake akeh sing padha ngenteni iki, bisa dadi pratandha yen tradisi puisi ing donyane bebrayan Jawa nyatane isih bisa terus lestari.

Surabaya,
Penerbit