Menyang kontèn

Kaca:Mawar Mawar Ketiga.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

42

• St. Iesmaniasita - Mawar Mawar Ketiga


LALI

    ngadeg ngadhepi liyan
    embuh sangkan lan paran
    luwih maneh kuwi sapa
    lagi nothoki ati semu cuwa

    donya sing kepriye ana dlamakaning sikilmu saiki
    mitra sing kaya ngapa ngembati lakumu saiki
    apa tanganmu wis ngregem sawarnaning
    sesotya kencanarukmi
    kang sumunar gumebyar
    ngulapake mripat
    nilapake sesawangan lan swasana kuna!

    donya sing kepriye ana dlamakaning sikilku saiki?
    mitra sing kaya ngapa ngembati lakuku saiki?
    apa tanganku ngregem sesolya kencanarukmi?
    kang sumunar gumebyar
    ngulapake mripat
    nilapake mitra lan kulawarga kang suwe dak darbeni

    krutugen klawan sakehing panyeda
    sabeten klawan landheping pangina
    yen kowe pancen mitra sejati!