Menyang kontèn

Kaca:Mawar Mawar Ketiga.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

30

• St. Iesmaniasita - Mawar Mawar Ketiga


CATHETAN (II)

    aku kang saiki lagi kekandhan karo sliramu, mitraku
    dakrasa kaya uga ngandhani awakku dhewe

    aku kang saiki lagi tetakon marang sliramu, mitraku
    rasane pancen kaya nakoni atiku dhewe

    delengen nom-noman kang bungkuk kabotan pepenginan
    delengen mitrane kang nguja atine
    ing ulegan kasangsayan
    (apa aku nguja ati ing ulegan kasangsayan ?
    sliramu bungkuk kabotan pepenginan?)

    kaya dudu sebaene!
    ing ngarepmu rasane aku lagi ngadhepi
    awakku dhewe!

□ 1965