•St. lesmaniasita - Mawar Mawar Ketiga
25
SAWIJINING IBU
dakupamakake sliramu piyambak nungkuli buku
kebak sajak-sajak katresnan tuhu
utawa crita-crita kang ngandhut dudutan sengsem
bola-bali kok biyaki
rina wengi koktungkuli, tanpa bosen
jalaran sajak-sajak mau tansah beda tegese
jalaran crita-crita mau
tansah nyunarake cahya seje-seje
ora ana gela, duka, keduwung, saliyane agunging
katresnan - saliyane agunging katresnan
dakupamakake awakku dhewe
lagi nulisi buku gedhe
mawar-mawar manglung lan ngambar
sikatan padha lelumpatan bingar
sumber seger kang santer saka dhadhaku
adi paraning kidang menjangan ngelak
Najan rikala dakwaca tulisan mau
daktemoni ukara-ukara kang beda
daktemoni surasa-surasa liya
mlangkah tekan cengkah
sliramu pirsa mitraku?
iki ora bakal ngendheg polahing tanganku
kaya larasing napas sawijining Ibu
1966