Menyang kontèn

Kaca:Mawar Mawar Ketiga.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

•St. lesmaniasita - Mawar Mawar Ketiga

23


APA KOWE NOM-NOMAN?

apa kowe nom-noman?
gunung kang nedheng kumendheng
nyauti mega-mega ngumbara dina-dina
klawan pundhak prakosa
jurang-jurang peteng alas ngrembuleng
nyimpeni banyu panguripaning peperengan
lan dhataran jembar

apa kowe nom-noman?
tuking daya makarya lan tresna
kang santer satengahing mangsa
campuh lumawan rante-rante waja
rante kunjaraning bebener lan keadilan
rante pepalaning kemajuwan
uga rante apusing kamardikan lan kamanungsan

srengenge kang tansah ngulon parane
sawah-sawah tansah ditancebi lan dibabadi
sauruting mangsa lumaku!
mula ayo girang-gumuyu mitraku
beragna atimu mapag pletheking srengenge!
(kariya basuki wengi lan sakehing janji
kariya basuki!
nom-noman iki tuking daya makarya lan tresna satuhu)

☐ 1966