12
•St. Iesmaniasita - Mawar Mawar Ketiga
SEPIRA NGLANGUTE
bareng keliping lintang lingsir wengi
dheweke kerep dijarwani wanti-wanti
“Aja kok anti tekaku ya
aku iki pangumbara paling papa cintraka
delengen lawang lan tlundhakan sangarepmu
ungkurna tresnaku kang sumawur dakgawa lelaku
ana galengan sawah, ana kebon tebu
ana grojogan banyu bendungan, wangan-wangan
ana kukusing pabrik-pabrik
ana ketes-ketesing kringet tukang batu
ana emper-empering toko, bioskupan
ana rungkudan, cadhas-cadhas lan kekayon alas
isih akeh yen ta daksebuta kabeh!
aja kok anti tekaku ya,
aku iki pangumbara tanpa ngetung dina”
banjur suminar mripate kaya lintang pajar
dheweke bingar gumuyu mangsuli bola-bali
“Kudu pisah, pancen kudu pisah mitra
ora bakal dakrampas sengseming atimu
warna-warna sing paling edi dakpranguli
tembang-tembang ginurit ing gegodhongan
ukiraning pepenginan lan katresnan tanpa tep!
kareben gedhegku dakrengga suwek-suwekan koran
katimbang ngalang-alangi langkahmu!