•St. Iesmaniasita - Mawar Mawar Ketiga
7
KANG LAGI PAPA
dhewe dheweke sumendhe pinggir pesisir sepi
ngudhari gegemaning tangane
mung wedhi kang sumawur
mung wedhi kang sumawur
bola-bali mung wedhi ing dlamakaning tangane
angin anyes ngusapi pipine
cipratan lembut tiba dhadhane
semono adohe kumelip
lintang canthelaning pepenginane
rembulan lancip ing langit
rembulan lancip kang ngrantas atine
wis pira lawase diumbar bae
tatu-tatu lan petenging tetesan kuwi!
sakehing dalan rumpil blethok sing diliwati wingi
disawang ing langit, lintang-lintang lan
rembulan lancip
disawang ing klambine kang pating sluwir
selagine ombak sesempyokan ing pesisir
swarane mobil lamat-lamat tengah kutha
o, sepira adohe kenya-kenya saka sisihe
kelune wedang lan panganan ing restoran
semburat muncrate inuman botolan
gincu ing pesta, guyu ing pesta
dhewe dheweke sumendhe pinggir pesisir sepi