Menyang kontèn

Kaca:Mattéoes.pdf/9

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Nasarét ; kang mengkono ikoe soepaja kajekténana kang kapangandikakaké déning para nabi, jen Jésoes bakal kaseboet Nasarani.

_______
aj. 20: Pa 4:19.
aj. 23: Js 11:1; 53:2; Jm 23:5; 33:15; Zk 3:8; 6:12.

Bab 3.
1—12. Nabi Jochanan Pambaptis.

1 Ing kala semana Jochanan Pambaptis rawoeh ing pasamoenan ing tanah Joedéa, nggelaraké piwoelang,
2 pangandikané : Paḍa mratobata, marga kratoné swarga woes tjeḍak.
3 Dene moenggoeh Jochanan ikoe ija kang kapangandikakaké déning Nabi Jesajah mengkéné : Swarané kang ngoewoeh-oewoeh ana ing pasamoenan: Paḍa njawisna margi ambah-ambahané Pangéran, loeroeng-loeroengé paḍa kentjengna.
4 Moenggoeh pangagemané Jochanan maoe kang kagawé woeloe oenta, sarta ing lamboengé apaningset wloelang ; kang kaḍahar walang lan madoe alas.
5 Bandjoer diparani déning wong saisiné Jeroesalem lan tanah Joedéa kabèh, apadéné wong sakiwa-tengené kali Jardèn,
6 Wong maoe toemoeli paḍa dibaptisi déning Jochanan ana ing kali Jardèn, klawan paḍa ngakoni dosané.
7 Bareng Jochanan mirsa akèh para Farisi lan para Sadoeki kang paḍa marani pambaptisé, bandjoer paḍa dipangandikani mengkéné : Èh tetesaning oela beḍoeḍak, sapa kang marahi kowé njingkiri bebendoe ing achir?
8 Kang ikoe paḍa metokna woh kang sembada marang patobat.
9 Lan adja ketenta doewé osik mengkéné: Doemèh akoe paḍa doewé rama Abraham; awit akoe pitoetoer ing kowé: Sanadyan sakaa watoe iki Allah ija kawasa midjilaké anak kanggo trahé Abraham.
10 Karodéné wadoengé woes ditèmpèlaké ing poké wit-witan; dadiné saben wit kang ora metokaké woh kang betjik, ikoe kategor lan katjemploengaké ing geni.
11 Akoe iki mbaptis kowé ing banjoe moerih patobatmoe, nanging kang rawoehé anoengka akoe ikoe kawasané ngoengkoeli akoe, mbok ngampil troempahé baé akoe ora patoet, ikoe kang bakal mbaptis kowé ing Roh Soetji lan geni.
12 Tampahé woes diasta, lan panoetoné bakal diresiki nganti tapis, sarta gandoemé dikloempoekaké ing loemboengé, nanging mramboeté bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep.

aj. 1-12; Mk 1:1-8; Lk 3:1-18; Jo 1:19-34.
aj. 1: Jo 1:6; BR 13:24.
aj. 2: Mt 4:17.
aj. 3: Js 40:3; Lk 1:76.
ay. 4: Km 11:22: 2 Ra 1:8; Zk 13:4.
aj. 6: Jo 3:23.
aj. 7: Mt 12:34; 23:33.
aj. 9: Jo 8:33, 39; Rm 4:1, 11, 16.
aj. 10: Mt 7:19; Lk 13:7, 9; Jo 15:6.
aj. 11: Js 44:3; Jl2:28; Jo 1:15; PR 1:5; 2:3, 4; 11:15, 16; 19:4.
aj. 12: Mt 13:30.

13—17. Goesti Jésoes kabaptis.

13 Nalika semana Jésoes saka ing tanah Galiléa rawoeh ing kali Jardèn moeroegi Jochanan, karsané soepaja dibaptisa.
14 Nanging Jochanan njegah marang Jésoes, oendjoeké: Kawoela ingkang perloe Toewan baptis, mangka Toewan teka moeroegi ing kawoela?
15 Éwadéné Jésoes mangsoeli, pangandikané: Wis ta noeroeta, marga patrap mengkono ikoe patoeté akoe lan kowé pada netepi sakèhé kabeneran. Jochanan toemoeli soemarah.
16 Jésoes sawoesé kabaptis, sanalika bandjoer mentas saka ing banjoe; lah toemoeli kawenganan