11 Anadéné Jésoes djoemeneng ana ing ngarsané boepati, bandjoer kadangoe déning boepati mengkéné: Apa kowé ikoe ratoené wong Jahoedi? Pangandikané Jésoes: Pandjenengan sampoen mestani.
12 Para pangarepé imam lan para pinitoewa toemoeli paḍa nggoegat marang Jésoes; nanging Jésoes ora mangsoeli apa-apa.
13 Bandjoer Pilatoes ngandika: Apa kowe ora ngroengoe panggoegaté marang kowé pirang-pirang prakara?
14 Éwadéné Jésoes ora ndjawab toemrap sawidji-widjia prakara, temahan boepati banget ing pangoengoené.
15 Anadéné adaté boepati saben samangsa rijaja nglilani loewaré lelaran sidji ing sapamilihé wong akèh.
16 Mangka ing nalika ikoe ana lelaran sadji king woes kedjoewara, djenengé Barabbas.
17 Kang ikoe sarèhné panoedjoe lagi pada kloempoekan, bandjoer kadangoe déning Pilatoes: Sing
kopilih sapa kang daklilakaké marang kowé, apa Barabbas, apa Jésoes kang kaseboet Kristoes?
18 Amarga Pilatoes mirsa jèn enggoné paḍa ngoeloengaké Jésoes ikoe awit saka panasing ati.
19 Bareng lagi pinarak ing pangadilan, kang garwa toemoeli oetoesan matoer, piwelingé: Sampoen sampéjan maèloe prakawisipoen tijang moersid poenika, awit waoe daloe salebetipoen soepena koela ngraosaken soesah sanget krana Pandjenenganipoen.
20 Anadéné para pangarepé imam lan para pinitoewa paḍa ngipoek-ipoek marang wong gegolongan, paḍa kapoerih njoewoen loewaré Barabbas lan sédané Jésoes.
21 Boepati bandjoer ngambali pangandika marang wong maoe, ḍawoehé: Wong loro ikoe maoe endi kang kodjaloek loewaré? Wangsoelané kang paḍa kadangoe: Barabbas.
22 Dawoehé Pilatoes: Menawa mengkono Jésoes kang kaseboet Kristoes ikoe dakkapakaké? Atoeré wong kabèh: Moegi kasaliba.
23 Éwadéné boepati ngandika: Dosané apa ta? Nanging wong akèh paḍa moenḍak seroe enggoné ngoewoeh-oewoeh, oeniné: Kasaliba.
24 Pilatoes bareng roemaos jèn ora angsal damel, nanging malah saja ndadèkaké roehara, toemoeli moenḍoet banjoe sarta widjik asta ana ing ngarepé wong golongan, ḍawoehé: Akoe iki ora ketempèlan getihé wong moersid iki, kowé paḍa ngrasakna ḍéwé.
25 Atoer wangsoelané wong kabèh goemolong mengkéné: Rahipoen ḍoemawaha ing koela saanak-poetoe koela.
26 Bareng mengkono Pilatoes bandjoer noeroeti wong maoe ngloewari Barabbas; nanging Jésoes sawoesé
kasapoe dipasrahaké soepaja kasalib.
_____
aj. 11-26: Mk 15:2-15; Lk 23:2-5; 13-25; Jo 18:28-9:16.
aj. 11: 1 Tm 6:13.
aj. 14: Js 53:7; Mt 26:62, 63; PR 8:32.
aj. 16, 20: PR 3:14.
aj. 22, 23 PR 13:28.
aj. 24: PT 21:6-9; Ms 26:6; 73:13.
aj. 25: PR 5:28.
27 Para pradjoerité boepati toemoeli paḍa namboet marang Jésoes loemebet ing kaboepatèn, sarta ngloempoekaké kantjané sapanṭa pepak marang ing ngarsané.
28 Sawoesé diloekari, bandjoer diagemi riḍong abang,
29 sarta digawèkaké makoeṭan eri boelet-boeletan, diagemaké ing mastakané, apadéné ing astané tengen ditjepengi rajoeng. Toemoeli paḍa djèngkèng ana ing ngarsané kambi memojoki, pangoetjapé: Saos bekti, ratoenipoen tijang Jahoedi.