15 Para Farisi toemoeli paḍa loenga reremboegan moenggoeh patrapé enggoné bakal njengkolong marang
Pandjenengané srana temboeng.
16 Kang dikongkon marang ing ngarsané ikoe para moeridé déwé karo para Héroḍiani, oendjoeké:
Goeroe, kawoela sami soemerep bilih Toewan setya toehoe, saha enggèn Toewan moelangaken marginipoen Allah ing satoehoenipoen, sarta boten maèloe ḍateng sinten-sintena, amargi Toewan boten mawang tijang.
17 Ingkang poenika Toewan moegi paring seserepan ḍateng kawoela, kadospoendi panggalih Toewan, bab
saos boeloe-bekti ḍoemateng Sang Praboe poenika kénging poenapa boten?
18 Jésoes sarèhné woes waspada marang tjoelikané wong maoe, moelané ngandika:
19 Èh wong lamis, jagéné kowé teka paḍa masang kala marang akoe? Akoe toedoehana wang saosan boeloe-bekti. Bandjoer diatoeri wang dinar sidji.
20 Pangandikané Jésoes: Iki gambaré sapa, lan kang paring tjiri iki sapa?
21 Oendjoeké wong maoe: Inggih Sang Praboe. Jésoes toemoeli ngandika: Moelané Sang Praboe saosana
kang dadi kagoengané Sang Praboe, lan marang Allah kang dadi kagoengané Allah.
22 Wong maoe bareng ngroengoe dawoeh kang mengkono ikoe, paḍa kaéraman, toemoeli Jésoes ditinggal
loenga.
_____
aj. 15-22: Mk 12:13-17; Lk 20:20-26.
aj. 16 Jo 3:2.
aj. 21: Rm 13:7; 1 Pt 2:17.
aj. 22: Jo 8:9.
23 Mbeneri ing dina ikoe oega para Sadoeki, ija ikoe kang paḍa ngarani jèn ora ana tanginé wong mati, paḍa marek marang ngarsané sarta paḍa pitakon,
24 oendjoeké: Goeroe, ḍawoehipoen Moesa: Menawa ana wong mati ora tinggal anak, sadoeloeré wong ikoe ngarangoeloea woelandjaré, noewoehna toeroen marang
sadoeloeré.
25 Kelampahan panoenggilan koela wonten saḍèrèk djaler pitoe, ingkang kapisan menḍet bodjo ladjeng
pedjah, sarèhné boten tilar anak, dados woelandjaripoen katilaraken ḍateng saḍèrèkipoen;
26 mekaten oegi ingkang kaping kalih sarta ingkang kaping tiga, ngantos doemoegi ingkang kaping pitoe pisan.
27 Wasana sapengkeripoen sadaja waoe ingkang èstri inggih ladjeng pedjah.
28 Ingkang poenika béndjing djaman patangèn, tijang pitoe waoe poendi ingkang baḍé nggaḍahi sémah, déné sadaja sampoen naté mengkoe?
29 Jésoes mangsoeli, pangandikané: Kowé paḍa kesasar, amarga ora soemoeroep ing tetoelisan lan ing kawasané Allah.
30 Awit bésoek djaman patangèn wong paḍa ora rabi lan ija ora laki, nanging paḍa kaja para malaékaté
Allah ana ing swarga.
31 Anadéné moenggoeh bab tanginé wong mati, apa kowé doeroeng taoe matja kang dadi ḍawoehé Allah marang kowé, idjoané:
32 Ingsoen iki Allahé Abraham, lan Allahé Iskak, toewin Allahé Jakoeb? Allah ikoe doedoe Allahé wong mati, nanging Allahé wong oerip.
33 Wong gegolongan bareng ngroengoe ikoe maoe, paḍa kegawokan déning piwoelangé.
_____
aj. 23-33: Mk 12:18-27; Lk 20:27-40.
aj. 23: PR 23:8.
aj. 24: PD 38:8; PT 25:5, 6.
aj. 30: 1 Jo 3:2.
aj. 32: Pa 3:6, 16; PR 7:32; Ib 11:16.
aj. 33: Mt 7:28.