Menyang kontèn

Kaca:Mattéoes.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
27—30. Bab madalaké barang darbé.

27 Pétroes toemoeli mangsoeli, oendjoeké: Lah kawoela poenika sampoen sami nilar samoekawis, ladjeng nḍèrèk Toewan; ingkang poenika kawoela baḍé sami angsal poenapa?
28 Pangandikané Jésoes: Satemené pitoetoerkoe ing kowé: Moenggoeh kowé kang paḍa mèloe ing akoe, bésoek ing djaman pambangoen, samangsa Poetrané manoesa pinarak ing ḍamparé kang moelja, kowé oega bakal paḍa loenggoeh ing ḍampar rolas ngadili marang taleré Israèl rolas.
29 Lan sing sapa woes ninggal omah, sadoeloer lanang oetawa wadon, bapa oetawa bijoeng, oetawa anak, apadéné palemahan, krana saka djenengkoe, ikoe bakal tampa semboelih tikel satoes, toer oleh warisan oerip langgeng.
30 Nanging para pangarep akèh kang bakal dadi pamboeri, sarta para pamboeri dadi pangarep.

_____
aj. 27-30: Mk 10:28-31; Lk 18:28-30.
aj. 27: Mt 4:20; Lk 5:11.
aj. 28: Js 65:17; 66:22; Lk 22:30; 1 Kr 6:2; 2 Pt 3:13; Wj 3:21; 21:5.
aj. 29: PT 33:9.
aj. 30: Mt 20:16; Lk 13:30.

BAB 20.
1—16. Pasemon gliḍig kang diboeroehaké menjang pakebonan anggoer.

1 Sabab kratoné Swarga ikoe moenggoeha manoesa oepamané kaja bendara kang metoe bangoen ésoek, arep mboeroehaké gliḍig menjang pakebonané anggoer.
2 Sawoesé pradjandjian karo wong gliḍig bab boeroehané njadinar sadina, bandjoer paḍa dikon menjang ing keboné.
3 Bareng metoe wetara wajah djam teloe, bendara maoe weroeh ana wong manèh kang paḍa nganggoer ana ing pasar,
4 bandjoer ditoetoeri: Kowé oega paḍa menjanga ing pakebonan anggoer, bakal dakboeroehi ing sapatoeté. Wong maoe bandjoer paḍa mrana.
5 Sawetoené manèh wetara djam nem sarta djam sanga ija nindakaké kaja ing ngarep maoe.
6 Sawetoené wetara djam sewelas, weroeh manèh wong kang paḍa nganggoer, bandjoer ditoetoeri: Kenangapa kowé paḍa nganggoer baé ana ing kéné sadina moepoet?
7 Atoeré wong maoe: Awit boten wonten tijang ingkang mberahaken ḍateng koela. Toetoeré bendara: Kowé oega paḍa menjanga ing pakebonan anggoer, bakal paḍa tampa sapatoeté.
8 Bareng wajah soeroep kang doewé pakebonan préntah marang tetinḍihing gawé, temboengé: Wong gliḍig paḍa oendangen, bajarana boeroehané, wiwit kang wekasan toetoeg kang wiwitan.
9 Kang loemeboe ing gawé djam sewelas bareng madjoe, paḍa tampa njadinar.
10 Samadjoené gliḍig kang loemeboe ḍingin, paḍa doewé pangira jèn bakal tampa loewih, mangka ikoe oega paḍa tampa njadinar.
11 Sawoesé nampani bandjoer paḍa ngoemel-oemeli marang bendara,
12 atoeré: Tijang ingkang kantoen pijambak poenika enggènipoen njamboet damel namoeng sadjam, mangka sampéjan damel sami kados koela, ingkang sami njanggi rekaosipoen sadinten saha mawi kebentèren.
13 Wangsoelané bendara marang sawidjining wong glidig, temboengé: Hé sanak, akoe ora nganiaja kowé. Kowé apa ora wis saroedjoek karo akoe tampa sadinar?
14 Bagéanmoe tampanana bandjoer loengaa. Wis dadi karepkoe ngwènèhi kang kari iki paḍa kaja kowé.
15 Apa ta akoe ora wenang moer-