12 Pandoegamoe keprijé, saoepama ana wong doewé weḍoes satoes, mangka kang sidji ketriwal, apa ora bakal ninggal kang sangang poeloeh sanga ana ing pagoenoengan, bandjoer loenga nglari kang ketriwal maoe?
13 Déné menawa kelakon ketemoe, satemené pitoetoerkoe ing kowé: Ikoe enggoné mboengahaké kinatjék karo kang sangang poeloeh sanga kang ora ketriwal.
14 Mengkono oega doedoe karsané Ramakmoe kang ana ing swarga jèn ketriwala para tjilik iki sidji-sidjija.
_____
aj. 12-14: Lk 15:3-7.
aj. 12, 13: Jk 34:11-16; Lk 19:10; Jo 10:11; 1 Pt 2:25.
15 Saoepama sadoeloermoe doewé kaloepoetan, paranana lan welèhna ḍeḍéwékan; menawa nggoegoe ing pamelèhmoe, dadi kowé woes ngentas sadoeloermoe.
16 Nanging saoepama ora nggoegoe, kowé ngadjaka wong sidji oetawa loro engkas, soepaja karampoengané sedéngah prakara ikoe margaa saka pratélané seksi loro oetawa teloe.
17 Anadéné saoepama ora nggoegoe marang ikoe, prakara maoe atoerna marang pasamoean; wasana
menawa meksa ora nggoegoe marang pasamoean oega, ikoe kapaḍakna karo wong kapir oetawa djoeroe moepoe béja.
18 Satemené pitoetoerkoe ing kowé: Sabarang kang paḍa kotalèni ana ing boemi, ikoe ija bakal katalènan ana ing swarga, sarta sabarang kang paḍa kooetjoeli ana ing boemi, ikoe ija bakal kaoetjoelan ana ing swarga
19 Lan manèh satemené pitoetoerkoe ing kowé: Menawa ana wong loro panoenggalanmoe kang paḍa saroedjoek ana ing boemi toemrap seḍéngah prakara kang disoewoen, mesti pada kaparingan déning Ramakkoe kang ana ing swarga.
20 Amarga ing ngendi ana wong loro oetawa teloe paḍa koempoelan klawan nganggep ing djenengkoe, ing kono akoe ana ing tengahé.
_____
aj. 15: Km 19:17; Lk 17:3; Gl 6:1; Jb 5:19.
aj. 16: Wi 35:30; PT 17:6; 19:15; Jo 8:17; 2 Kr 13:1; 1 Tm 5:19; Ib 10:28.
aj. 17: Rm 16:17; 1 Kr 5:9, 11; 2 Ts 3:6, 14; 2 Tm 3:5; Tt 3:10; 2 Jo 10.
aj. 18: Mt 16:19; Jo 20:23.
21 Pétroes toemoeli marek, oendjoeké: Goesti, menawi saḍèrèk kawoela gaḍah kalepatan dateng kawoela, ngantos rambah kaping pinten enggèn kawoela ngapoenten? Poenapa ngantos kaping pitoe? 22 Ḍawoehé Jésoes: Pitoetoerkoe ing kowé: Adja moeng ping pitoe, malah ngantia ping pitoeng poeloeh tikel pitoe. 23 Kang ikoe ikoe kratoné swarga moenggoeha manoesa kaoepamakaké kaja radja kang karsa étang-étangan klawan para abdiné. 24 Bareng wiwit étang-étangan, ana sidji kasébakaké kang doewé oetang saleksa talanta. 25 Sarèhné ora doewé kang kasaoeraké, moelané ḍawoehé goestiné: Wong maoe saanak-bodjoné lan sadoewèk-doewèké kaedolana, soepaja anaa kang kanggo njaoer. 26 Abdi maoe toemoeli soemoengkem soedjoed marang Sang Radja, oendjoeké: Ḍoeh Goesti, moegi wontena kasabaran dalem ḍateng kawoela, ladjeng badé kawoela saosi panjaoer sapoendatipoen. 27 Goestiné abdi maoe trenjoeh galihé déning welas, moelané abdiné diloewari sarta oetangé dililakaké. 28 Ewadéné saoendoeré abdi maoe