Menyang kontèn

Kaca:Mattéoes.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

goenoeng, Jésoes bandjoer ḍawoeh marang sachabat maoe, pangandikané: Wahjoe ikoe maoe adja kokanḍak-kanḍakaké marang wong, kongsi besoek Poetrané manoesa woes tangi saka ing antarané wong mati.
10 Sachabat maoe toemoeli paḍa moendjoek pitakon: Kadospoendi déné para oelama teka mestani bilih Elijah pinesṭi rawoeh roemijin?
11 Ḍawoeh wangsoelané Jésoes: Élijah ija bakal teka ḍingin sarta mbangoen manèh samoebarang;
12 nanging pitoetoerkoe ing kowé: Élijah woes kelakon teka, mangka ora dianggep déning wong, malah digawé ing sakarep-karep, kaja mengkono oega Poetrané manoesa ija bakal nanḍang sangsara déning wong maoe.
13 Ing kono sachabat maoe paḍa mangerti jèn Jochanan Pambaptis kang dipangandikakaké.

_____
aj. 1-13: Mk 9:2-13; Lk 9:28-36.
aj. 1: Mt 26:37; Mk 5:37; 14:33; Lk 8:51; 2 Pt 1:16, 17.
aj. 2: Wj 1:16.
aj. 5 PT 18:19; Js 42:1; Mt 3:17; Mk 1:11; Lk 3:22; Jo 12:28; PR 3:22; Ef 1:6; Kl 1:13; 2 Pt 1:17.
aj. 10: MI 4:5; Mt 11:14; Lk 1:17.
aj. 12, 13: Mt 14:9-11; Mk 6:26-29.

14—21. Botjah kang lara ajan kesoeroepan ḍemit.

14 Sawoesé paḍa tekan ing enggoné wong golongan, bandjoer ana wong kang marek soedjoed djèngkèng ana ing ngarsané Jésoes, oendjoeké:
15 Ḍoeh Goesti, anak kawoela moegi Toewan welasi, déné poenika sakit ajan saha sanget sangsaranipoen; asring ḍawah ing latoe lan asring ḍawah ing toja;
16 sampoen kawoela irid ḍateng ngadjenganipoen para sachabat Toewan, nanging poenika sami boten saged njarasaken.
17 Ḍawoeh wangsoelané Jésoes: Èh djinis kang ora darbé pangandel lan kang keblinger, nganti pira lawasé enggonkoe isih awor karo kowé? Nganti pira lawasé enggonkoe isih njabari kowé? Botjahé prènèkna.
18 Toemoeli Jésoes ndoekani ḍemité, temahan metoe, sarta wiwit nalika ikoe botjah maoe dadi waras.
19 Para sachabat bandjoer paḍa marek marang ngarsané Jésoes pijambakan, oendjoeké: Kénging poenapa kawoela teka boten saged ngésahaken ḍemit waoe?
20 Pangandikané Jésoes: Ikoe awit saka tjoepeting pangandelmoe; déné satemené pitoetoerkoe ing kowé: Saoepama kowé doewéa pangandel sawidji sawi, bok kowé njlatonana marang goenoeng kijé: Soemingkira saka kéné mrana, mesți soemingkir, sarta bakal ora ana sabarang kang mokal ing ngatasé kowé;
21 nanging moenggoeh djinis ikoe wetoené moeng srana pandonga lan poewasa.

_____
aj. 14-21: Mk 9:14-29; Lk 9:37-43.
aj. 20: Mt 21:21; Mk 11:23; Lk 17:6; 1 Kr 13:2.

22—23. Pametja bab bakal sangsara sédané Goesti.

22 Anadéné nalika paḍa lereb ana ing tanah Galiléa, Jésoes ngandika marang sachabat: Poetrané manoesa bakal dioeloengaké marang tanganing wong,
23 sarta bakal dipatèni, lan ing teloeng dinané bakal katangèkaké, temahan para sachabat banget prihatiné.

_____
aj. 22, 23: Mk 9:30-32; Lk 9:43-45.
aj. 22: Mt 16:21; 20:18, 19; Mk 8:31; 10:33; Lk 9:22; 18:31-33; 24:7.