31 Ana manèh pasemon kang digelaraké déning Jesoes marang wong maoe, pangandikané: Kratoné swarga ikoe oepamané kaja widji sawi kang kadjoepoek déning wong sarta katibakaké ing boeminé.
32 Sanadyan paḍa-paḍa widji: sawi ikoe kang tjilik ḍéwé, éwadéné samangsa toewoeh, dadi geḍé-geḍéning djanganan, malah dadi kekajon, nganti kasaba déning manoek ing awang-awang, paḍa noesoeh ana ing pange.
33 Ana pasemon lijané manèh kang kaḍawoehaké déning Jésoes marang wong maoe, mengkéné: Kratoné swarga ikoe oepamané kaja ragi kang kadjoepoek déning wong wadon, katjaroebaké lan glepoeng teloeng taker kongsi kemrasoekan kabèh.
34 Sakèhé prakara ikoe maoe enggoné Jésoes nḍawoehaké marang wong golongan kaḍapoer pasemon.
Ora ana kang dipangandikakaké kang ora ḍapoer pasemon;
35 soepaja kajektènana kang kapangandikakaké déning nabi mengkéné: Enggonkoe bakal meḍar pitoetoer ikoe klawan pasemon, akoe bakal meḍaraké prakara kang kineker wiwit djagad tinalesan.
_____
aj. 31-35: Mk 4:30-34; Lk 13:18-21.
aj. 35: Ms 78:2.
36 Sawoesé Jésoes nglilani marang wong golongan, bandjoer kondoer; sachabaté toemoeli paḍa marek,
oendjoeké: Kawoela moegi Toewan djarwani pasemon roempoet ing pasitèn.
37 Jésoes bandjoer mangsoeli, pangandikané: Kang njebaraké widji kang betjik ikoe Poetrané manoesa.
38 Boeminé ija ikoe djagad; widji kang betjik ija ikoe para poetrané kraton, lan soeket parèn ija ikoe
para anaké si pangawak doersila.
39 Satroe kang njebaraké soeket maoe ija ikoe iblis; panèn ija ikoe wekasané djaman, lan kang paḍa derep ija ikoe para malaékat.
40 Kang ikoe kaja soeketé dikloempoekaké, bandjoer diobong klawan geni, mengkono oega bakal kaanané bésoek ing wekasané djaman iki.
41 Poetrané manoesa bakal ngoetoes para malaékaté, lan ikoe bakal paḍa ngloempoekaké saka ing kratoné sakèhé wong kang dadi sandoengan lan kang nglakoni doeraka,
42 pada ditjemploengaké ing pawon moeroeb; ing kono bakal ana panangis lan keroting oentoe.
43 Samangsa mengkono para wong sampoerna bakal paḍa mentjorong kaja srengéngé ana ing kratoné Kang Rama. Sapa kang doewé koeping kanggo ngroengoe, ngroengokna.
_____
aj. 36: Mt 13:24-30.
aj. 38: 1 Jo 3:8.
aj. 39: Jl 3:13; Wj 14:15.
aj. 42: Mt 8:12; 13:50; 22:13; 24:51; 25:30; Lk 13:28.
aj. 43: Dn 12:3; 1 Kr 15:42.
44 Apamanèh kratoné swarga oepamané kaja radja-brana kependem ana ing boemi, kang tinemoe déning wong, bandjoer disasabi, sarta awit saka boengahé toemoeli loenga ngedoli sabarang darbèké kabèh, lan noekoe boemi ikoe maoe.
45 Mengkono manèh kratoné swarga oepamané kaja ana wong dagang kang loeroe moetyara adi-adi.
46 Bareng nemoe moetyara sidji kang loewih akèh adjiné, bandjoer loenga ngedoli sabarang darbèké
kabèh, lan noekoe moetyara ikoe maoe.
_____
aj. 44: Fl 3:7,8.