Menyang kontèn

Kaca:Mattéoes.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

ngoempoelaké, dadi mboejaraké.
31 Wang ikoe akoe pitoetoer ing kowe Saroepaning dosa lan panjenjamahé wong bakal kaapoera, moeng panjenjamah kang marang Roh ikoe bakal ora kaapoera.
32 Saben wong kang ngoetjapaké temboeng madoni Poetrané manoesa, ikoe bakal kaapoera. Nanging sing sapa madoni ing Roh Soetji, ikoe bakal ora kaapoera, dadia ing djaman samengko, dadia ing djaman achir.
33 Wite menawa koarani betjik, wohé ija aranana betjik; oetawa wité menawa koarani ala, wohé ija aranana ala; awit moenggoeh wit ikoe ketitiké saka wohe.
34 Èh tetesaning oela beḍoeḍak, keprijé enggonmoe bisa ngoetjapaké barang kang betjik, mangka ḍasarmoe ala? Amarga pangoetjaping tjangkem ikoe toewoehé saka bloedaging ati.
35 Wong kang betjik ikoe metokaké barang kang betjik saka simpenaning ati kang betjik, lan wong kang ala metokaké barang kang ala saka simpenan kang ala.
36 Nanging akoe pitoetoer ing kowé: Saben temboeng lalahan kang dioetjapaké déning wong, ikoe mesṭi bakal diatoeraké pandjawabé bésoek dinané pangadilan.
37 Déné enggonmoe bakal kabeneraké ikoe wewaton temboengmoe, lan enggonmoe bakal kapatrapan ikoe ija wewaton temboengmoe.

_____
aj. 22-37: Mk 3: 22-30; Lk 11:14-23.
aj. 23: Jo 4:29.
aj. 24: Mt 9:34; Jo 8:48.
aj. 29: Js 49:24-26; Kl 2:15.
aj. 31, 32: Lk 12:10; Ib 6:4-8; 10:26-29; 1 Jo 5:16.
aj. 33: Mt 7:18; Lk 6:43, 44.
aj. 34, 35: Mt 3:7; 23:33; Lk 6:45.
aj. 36: Kh 12:14; Ef 4:29; 5:4; Jb 3:2-12; Jd 15.
aj. 37: Lk 19:22.

38—42. Wong kang paḍa njoewoen pratanḍa.

38 Ing kono sawenèhing para oelama panoenggalané para Farisi pada oesoel oendjoeké: Goeroe, koela sami kepéngin soemerep pratanḍa saking sampéjan.
39 Nanging Jésoes mangsoeli, pangandikané: Djinis ala lan lakoe bandrék teka ndjaloek pratanḍa, nanging bakal ora kaparingan, kedjaba moeng pratanḍané Nabi Joenoes.
40 Awit paḍa kaja Joenoes enggoné ana ing djeroné iwak lawasé teloeng dina teloeng bengi, mengkono oega Poetrané manoesa bakal ana ing djero telengé boemi ija teloeng dina teloeng bengi.
41 Bésoek tibané pangadilan para prija ing Nineweh bakal madjoe bareng karo djinis iki sarta pada ndadèkaké kalahé, marga woes paḍa mratobat awit saka pamoelangé Joenoes, lah mangka ing kéné ana kang ngoengkoeli Joenoes.
42 Bésoek tibané pangadilan ratoe wadon ing tanah kidoel bakal madjoe bareng karo djinis iki sarta ndadèkaké kalahé, awit tekané saka poengkasané boemi ngroengokaké kawitjaksanané Soeléman, lah mangka ing kéné ana kang ngoengkoeli Soeléman.

_____
aj. 38: Mt 16:1; Mk 8:11; Lk 11:16; Jo 6:30; 1 Kr 1:22.
aj. 39: Mt 16:4; Lk 11:29.
aj. 40: Jn 1:17; 2:10.
aj. 41: Jn 3:5; Lk 11:30, 32.
aj. 42; 1 Ra 10:1-13; 2 Bb 9:1-12; Lk 11:31.

43—45. Ḍemit kang woes katoendoeng bali manèh.

43 Moenggoeh ḍemit ikoe samangsa woes metoe saka ing wong, bandjoer nglembara golèk palereman menjang djadjahan lemah mati, nanging ora nemoe.
44 Toemoeli moeni mengkéné: Dakoelihané tilas omahkoe. Satekané: omah maoe ketemoe soewoeng sarta kasaponan lan katatanan.
45 Bandjoer loenga marani ḍemit