Menyang kontèn

Kaca:Mattéoes.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

galanmoe kang ndoeweni weḍoes sidji ketjemploeng ing soemoer panoedjoe dina Sabbat, apa ora ditjanḍak lan dientasaké?
12 Iba ta katjèké manoesa katimbang karo weḍoes. Dadiné woes kelilan nglakoni kadarman ing dina Sabbat. 13 Bandjoer ḍawoeh marang kang tjéko maoe: Tanganmoe aṭoengna. Toemoeli diaṭoengaké, temah dadi waras, poelih pada kaja sisihé.
14 Para Farisi bandjoer paḍa metoe sarta reremboegan bab rékané enggoné bakal njédani marang Jésoes.

_____
aj. 9-14: Mk 3:1-6; Lk 6:6-11.
aj. 10: Lk 14:3.
aj. 11: Lk 13:15; 14:5.
aj. 12: PD 1:27.
aj. 13: 1 Ra 13:6.
aj. 14: Jo 5:18; 10:39; 11:53.

15—21. Abdiné Pangéran kang sarèh.

15 Nanging sarèhné Jésoes ora kekilapan, moelané teḍak saka ing kono, kaḍèrèkaké déning wong golongan akèh, déné kang nanḍang lara paḍa diwarasaké kabèh,
16 toewin paḍa dipatjoehi klawan kentjeng, adja kongsi ndjoewarakaké ing Pandjenengané,
17 Soepaja kajektènana kang kapangandikakaké déning Nabi Jesajah, mengkéné:
18 Lah ikoe abdiningsoen, pilihaningsoen, ija kekasihingsoen, kang ndadèkaké kepareng ing galihingsoen; bakal Soenparingi Rohingsoen, sarta bakal ngoenḍangaké bebeneran marang para oemat.
19 Bakal ora reboet bener oetawa alok-alok, sarta swarané bakal ora kroengoe ing wong ana ing leloeroeng.
20 Rajoeng kang pepes bakal ora ditoegel, lan oetjeng-oetjeng kang melip-melip bakal ora dipateni, nganti toemeka woes ngoenggoelake ing bebeneran.
21 Apadéné Asmané bakal dadi lanḍesaning pangarap-arepé para oemat.

_____
aj. 15: Mt 10:23.
aj. 16: Mt 9:30; Mk 3:12; 7:36; Lk 5:14.
aj. 17-21: Js 42:1-4.
aj. 18: Mt 3:17; 17:5; Mk 1:11; 9:7; Lk 3:22; 9:35; Ef 1:6; Kl 1:13; 2 Pt 1:17.

22—37. Pangala-alané para Farisi.

22 Nalika semana ana wong kang kesoeroepan ḍemit toer pitjak lan bisoe kairid marang ngarsané, bandjoer diwarasaké, temahan kang pitjak lan bisoe maoe toemoeli bisa tjlatoe lan ndeleng.
23 Sakèhé wong golongan dadi paḍa kegawokan sarta ngoetjap: Apa ikoe doedoe teḍaké Dawoed?
24 Nanging para Farisi bareng ngroengoe, toemoeli paḍa ngoetjap mengkéné: Enggoné noenḍoengi ḍemit ikoe ora lija marga déning BeèlSeboel, panggeḍéné para ḍemit.
25 Sarèhné Jésoes ora kekilapan kang dadi krenteging pikiré wong maoe, bandjoer paḍa dipangandikani mengkéné: Saben kraton kang kawoelané paḍa dredah ikoe nemahi karoesakan. Lan saben negara oetawa omah kang wongé paḍa dredah ikoe ora bisa toeloes.
26 Sarta sétan saoepama noenḍoeng paḍa sétan, dadi dredah lawan awaké ḍéwé, menawa mengkono bisané toeloes kratoné keprijé?
27 Déné jèn akoe iki enggonkoe noenḍoengi ḍemit marga déning Beèlseboel, para anak moeridmoe ikoe enggoné noenḍoeng marga dening sapa? Moelané ikoe kang bakal paḍa ndjeksani koweé.
28 Nanging menawa enggonkoe noenḍoengi ḍemit ikoe marga déning Rohé Allah, dadi kratoné Allah rak woes nekani kowé,
29 Keprijé ta bisané wong loemeboe ing omahé wong kang rosa ndjarahi pirantiné, kedjaba jèn kang rosa maoe dibanda ḍingin; menawa wis, omahé lagi kena didjarahi.
30 Sing sapa ora ngroedjoeki marang akoe, dadi nglawan ing akoe, lan sing sapa ora méloe enggonkoe