Menyang kontèn

Kaca:Mattéoes.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Toewan, déné prakawis poenika Toewan damel wados ḍateng tijang witjaksana sarta tijang wasis, mangka Toewan lairaken ḍateng laré-laré;
26 inggih Rama, sabab sampoen mekaten keparengipoen ing karsa Toewan.
27 Samoebarang kabèh woes kapasrahaké marang akoe déning Ramakkoe, lan ora ana wong kang soemoeroep marang Sang Poetra, alija Sang Rama; mengkono oega ora ana kang soemoeroep marang Sang Rama, alija Sang Poetra, lan sapa wong kang djinaténan saka karsané Sang Poetra.
28 Hé para wong kang kesajahen lan kamomotan, paḍa mareka kabèh akoe, mesṭi akoe gawé ajemmoe.
29 Pasangankoe paḍa tampanana toemrap ing poenḍakmoe, lan paḍa nggegoeroea marang akoe, awit akoe iki saréh lan lembah ing ati, temahan kowé bakal paḍa nemoe ajemé njawamoe.
30 Amarga pasangan kang saka akoe ikoe kepénak, lan momotan kang saka akoe ikoe èntèng.

_____
aj. 25: Aj 5:12, 13; Js 29:14; Lk 10:21; 1 Kr 1:19; 2:7-8.
aj. 27: Mt 28:18; Lk 10:22; Jo 1:18; 3:35; 6:46; 13:3.
aj. 28: Jo 6:37.
aj. 29: Ms 45:5; Jm 6:16; Jo 13:5; Fl 2:5; Tt 3:2.
aj. 30: 1 Jo 5:3.

BAB 12.
1—8. Goesti Jésoes ija Goestiné dina Sabbat.

1 Ing nalika semana Jésoes panoedjoe tindak nglangkoengi pagandoeman, mbeneri dina Sabbat; sachabaté pada keloewen, bandjoer wiwit njeṭoeti wewoelén, sarta dipangan.
2 Wong Farisi bareng weroeh, paḍa moendjoek marang Jésoes: Lah sachabat sampéjan teka sami nglampahi ingkang boten kawenangaken ing dinten Sabbat.
3 Pangandikané Jésoes marang wong maoe: Apa kowé ora matja bab pratingkahé Dawoed, nalikané keloewèn dalah para réwangé?
4 Enggoné loemeboe ing padalemané Allah sarta mangan roti saosan, kang pantjén ora kawenangaké dipangan déning Dawoed lan para réwangé maoe, moeng déning para imam baé?
5 Mengkono manéh apa kowé ora matja ing Torèt, jèn para imam ing dina Sabbat pada nerak Sabbat ana ing padaleman soetji, semono ikoe pada ora keloepoetan?
6 Déné akoe pitoetoer ing kowé, jen ing kéné ana kang adjiné ngoengkoeli padaleman soetji.
7 Nanging saoepama kowé pada soemoeroepa kang dadi elidé pangandika mengkéné: Kang Soenkarsakaké ikoe kawelasan, doedoe koerban, mesṭi kowé paḍa ora matrapi marang wong kang ora keloepoetan.
8 Awitdéné Poetrané manoesa ikoe ija Goestiné dina Sabbat.

_____
aj. 1-8: Mk 2:23-28; Lk 6:1-5.
aj. 1: PT 23:25.
aj. 2: Pa 20:10.
aj. 3: 1 Sm 21:1-6.
aj. 4: Pa 29:33; Km 24:9.
aj. 5: Wi 28:9, 10.
aj. 6: 2 Bb 6:18; Hg 2:10; Ml 3:1.
aj. 7: 1 Sm 15:22; Hs 6:6; Ml 6:8; Mt 9:13; 23:23.

9—14. Wong tjéko kawarasaké.

9 Jésoes toemoeli tindak saka ing kono, rawoeh ing masdjidé wong maoe.
10 Lah ing kono ana wong kang tjéko tangané sisih; wong-wong bandjoer paḍa darbé atoer pitakon marang Pandjenengané: Ing dinten Sabbat poenapa kelilan njarasaken tijang? Pamoerihé soepaja anaa ḍaḍakané nggoegat.
11 Toemoeli dipangandikani mengkéné: Endi ana wong panoeng-