Menyang kontèn

Kaca:Mattéoes.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

paḍa metoe ikoe perloe ndeleng apa? Apa wong kang menganggo sarwa aloes? Lah wong kang menganggo aloes ikoe doenoengé ana ing keḍaton.
9 Nanging enggonmoe paḍa metoe ikoe perloené apa? Apa ndeleng nabi? Ija, pitoetoerkoe ing kowé, malah kang loewih pinoendjoel saka nabi.
10 Awit ija ikoe kang kaseboetaké ing Kitab mengkéné: Lah Ingsoen ngoetoes malaékatingsoen loemakoe dadi tjetjala ana ing ngarepira, kang bakal ngrata dalan ana ing ngarepanira.
11 Satemené pitoetoerkoe ing kowé: Panoenggalané kang paḍa lair saka wong wadon, ora ana madeg kang ngoengkoeli Jochanan Pambaptis; soeprandéné wong kang tjilik déwé ana ing kratoné swarga, ikoe ngoengkoeli Jochanan.
12 Wiwit nalika Jochanan Pambaptis toemeka sapréné kratoné swarga ikoe ngreboet papan klawan roda-peksa, sarta dadi pareboetané para kang ngroda-peksa.
13 Awit sakèhé para Nabi lan Torèt pameḍaré wangsit kongsi toemeka Jochanan.
14 Sarta menawa kowé paḍa kedoega nganggep, ija Jochanan ikoe Elijah kang pinesṭi teka.
15 Sapa kang doewé koeping kanggo ngroengoe, ngroengokna.
16 Nanging djinis iki dakoepamakaké apa? Oepamané kaja botjah-botjah kang loenggoehan ana ing pasar, njeloek marang pada kantjané,
17 oedjaré: Kowé woes pada daksoelingi, teka ora ndjogéd; kowé woes pada dakkidoengi kidoeng pangaḍoeh, teka ora tangisan.
18 Awit tekané Jochanan ora mangan ora ngombé, teka diarani: Ikoe wong kepandjingan ḍemit.
19 Tekané Poetrané manoesa nganggo mangan lan ngombé, teka oeniné wong: Hara ta, wong grangsangan lan karem ngombé anggoer, mitrané para djoeroe moepoe béja lan wong dosa. Nanging kawitjaksanan ikoe enggoné kabeneraké saka pandamelé.

_____
aj. 7-19: Lk 7:24-35.
aj. 10: Ml 3:1; Mk 1:2.
aj. 12: Lk 16:16.
aj. 14: Ml 4:5; Mt 17:10-13; Mk 9:11-13; Lk 1:17.
aj. 18: Mt 3:4; Mk 1:6.

20—24. Wong ing Chorazin, Bètsaidah lan Kafarnachoem paḍa kawelèhake.

20 Nalika semana Jésoes wiwit nenetah marang negara-negara kang akèh ḍéwé enggoné ketaman kaélokaning kasektèné, bab enggoné paḍa ora mratobat,
21. ḍawoehé: Bilai kowé Chorazin, bilai kowé Bètsaidah, sabab menawa ing Tiroes lan ing Sidon anaa kelakon kaélokaning kasektèn, kaja kang woes kelakon ana ing kowé, mesṭi woes bijèn moela enggoné paḍa mratobat nganggo bagor lan awoe.
22 Nanging akoe pitoetoer ing kowé: Bésoek ing dinané pangadilan, kang tinemoe ing Tiroes lan Sidon maoe bakal majar katimbang karo kowé.
23 Apamanèh kowé Kafarnachoem, rak woes kaloehoeraké tekan ing langit, kowé bakal ketjemploeng tekan ing teleng palimengan. Sabab menawa ing Sadoem anaa kelakon kaélokaning kasektèn, kaja kang woes kelakon ana ing kowé, mesṭi lestari kongsi toemeka ing dina samengko.
24 Nanging akoe pitoetoer ing kowé: Bésoek ing dinané pangadilan, kang tinemoe ing tanah Sadoem maoe bakal majar katimbang karo kowé.

_____
aj. 20-24: Lk 10:13-15.
aj. 21: 2 Sm 13:19; 2 Ra 6:30; 19:1.
aj. 23: Js 14;13-15.
aj. 24: Mt 10;15.

25—30. Bab ajeming ati.

25 Ing waktoe ikoe Jésoes meḍar atoer mengkéné: Ḍoeh Rama, Pangéranipoen ing swarga kalijan ing boemi, kawoela sokoer ḍoemateng