37 Ing kono pangandikané marang para sachabaté: Panèné geḍé, nanging wong derep moeng saṭiṭik;
38 moelané kowé pada njenjoewoena marang Goesti kang kagoengan panèn, moega karsaa merdi wong metoe derep menjang panènané.
_____
aj. 35: Mt 4:23.
aj. 36: Wi 27:17; 1 Ra 22:17; 2 Bb 18:16; Jm 23:1-4; Jk 34:2-6; Mk 6:34.
aj. 37: Lk 10:2; Jo 4:35.
aj. 38: 2 Ts 3:1.
1—15. Para rasoel rolas kaoetoes.
1 Jésoes toemoeli nimbali sachabate rolas paḍa marek marang ngarsane, sarta paḍa diparingi pangawasa noenḍoengi ḍemit lan marasaké saroepaning lelara lan saroepaning memala.
2 Moenggoeh para rasoel rolas maoe djenengé mengkéné: Kang ḍingin Simon kang karan Pétroes, lan Andréas sadoeloeré, Jakoboes anaké Zebdajoe, lan Jochanan sadoeloeré.
3 Filippoes lan Bartolomajoe, Tomas lan Mattéoes djoeroe moepoe béja, Jakoboes anaké Alfajoe, lan
Labbajoe kang apeparab Taddajoe,
4 Simon Kananita lan Joedas Iskariot; ija Joedas ikoe kang ngoeloengaké Jésoes.
5 Wong rolas ikoe maoe paḍa dioetoes déning Jésoes lan diweling mengkéné: Kowé adja paḍa ngambah ing dalané bangsa kapir, lan adja loemeboe ing negarané wong Samaria;
6 nanging aloewoeng paḍa maranana para weḍoesé Banisraèl kang pada ketriwal ikoe.
7 Paḍaloemakoea memoelang mengkéné: Kratoné swarga woes tjeḍak.
8 Paḍa marasna wong lara, biraten nadjisé wong nanḍang lara saraät, nangèkna wong mati, noenḍoenga ḍemit; tanpa patoekon olèhmoe nampani, wenèhna ija ditanpa patoekon.
9 Adja paḍa ngarah ndoewèni mas oetawa selaka lan tembaga ana ing saboekmoe.
10 Adja paḍa nggawa kasang kanggo ing paran, apadéné kotang rangkep oetawa troempah lan teken. Sabab ing ngatasé wong njamboet gawé ikoe patoet oleh pangané.
11 Ing ngendi negara oetawa désa kang koleboni, paḍa nitika moenggoeh wong-wong ing kono sapa kang
patoet, noeli ikoe ponḍokana kongsi toemeka saangkatmoe.
12 Samangsa kowé loemeboe ing omahé, oeloekana salam.
13 Déné menawa omah ikoe patoet, ija katekanana ing salammoe maoe, nanging menawa ora patoet, salammoe ikoe balia marang kowé manèh.
14 Mangka menawa ana wong kang ora nampani kowé, lan ora ngroengokaké temboengmoe, sawetoemoe saka ing omah oetawa negara ikoe, leboené sikilmoe ketabna.
15 Satemené pitoetoerkoe ing kowé: Kang tinemoe ing tanah Sadoem lan Ngamorah bésoek ing dina pangadilan, bakal majar katimbang karo negara ikoe maoe.
_____
aj. 1: Mk 3:13; 6:7; Lk 6:13; 9:1.
aj. 2: Mt 16:18; Jo 1:43.
aj. 2-4: Mk 3:14-19; Lk 6:13-16; PR 1:13.
aj. 5: 2 Ra 17:24.
aj. 6: PR 3:26; 13:26, 46.
aj. 7: Lk 9:2.
aj. 8: Js 55:1; Lk 10:9; PR 8:18, 20.
aj. 9: Mk 6:8; Lk 9:3.
aj. 10: Km 19:13; PT 24:14; Lk 10:4, 7; 22:35; 1 Kr 9:14; 1 Tm 5:18.
aj. 11: Mk 6:10; Lk 9:4; 10:8.
aj. 12, 13: Lk 10:5, 6.
aj. 14: Mk 6:11; Lk 9;5; 10:11; PR 13:51; 18:6.
aj. 15; Mt 11:24; Mk 6:11; Lk 10:12.
16 Lah kowé paḍa daklakokaké prasasat weḍoes menjang ing antarané asoe adjag, moelané dingati-ati kaja oela, lan dibarès kaja manoek dara,
17 Pada mékanana marang ma-