Menyang kontèn

Kaca:Mattéoes.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
18—26. Anaké Jairoes lan wong lara nggradjag getih.

18 Sasoewéné mangandikakaké prakara ikoe maoe, lah toemoeli ana leloerah marek lan soedjoed ing ngarsané, oendjoeké: Anak kawoela èstri pedjah saweg waoe, nanging Toewan moegi karsaa ngrawoehi sarta Toewan toempangi asta, mesṭi gesang.
19 Jésoes bandjoer djoemeneng sarta teḍak bebarengan loerah maoe kanṭi para sachabaté.
20 Lah toemoeli ana wong wadon nanḍang lara nggradjag getih woes rolas taoen lawasé, marepeki marang Jésoes saka ing wingking, bandjoer ndoemoek gombjoking djoebahé;
21 marga ana osiké mengkéné: Oepama akoe moeng bisaa ndoemoek djoebahé baé, mesti akoe dadi waras.
22 Jésoes toemoeli minger ningali wong wadon maoe sarta ngandika: Diénak atimoe enggèr, pangandelmoe kang mitoeloengi kowé. Wiwit ing nalika ikoe kang lara dadi waras.
23 Bareng Jésoes rawoeh ing omahé loerah maoe, sarta mirsa para panjoeling lan wong akèh kang goemrah pada tetangisan,
24 toemoeli diḍawoehi: Paḍa loengaa; botjahé ora mati, moeng toeroe baé. Jésoes bandjoer digegoejoe. 25 Nanging sawoesé wong akèh maoe ditoenḍoeng metoe, toemoeli loemebet sarta ngasta tangané si botjah, ditangèkaké.
26 Pawartané lelakon ikoe bandjoer kewentar marang satanah kono kabèh.

_____
aj. 18-26: Mk 5:21-43; Lk 8:40-56.
aj. 20: Km 15:25.
aj. 22: Mk 10:52; Lk 17:19; 18:42.
aj. 24: Jo 11; 11-14.

27—34. Wong pitjak lan wong bisoe kerandjingan.

27 Satindaké Jésoes saka ing kono ana wong pitjak loro paḍa noetoeti sarta ngoewoeh-oewoeh, oendjoeké: Ḍoeh teḍakipoen Dawoed, kawoela moegi Toewan welasi.
28 Bareng woes kondoer loemebet ing dalem, wong pitjak maoe paḍa marek marang ngarsané, toemoeli paḍa dipangandikani déning Jésoes: Apa kowé paḍa ngandel jèn akoe kawasa nglakoni mengkono? Wangsoelané kang pitjak: Inggih Goesti.
29 Bandjoer paḍa didoemoeki mripaté sarta kapangandikanan mengkéné: Kowé paḍa ketekana kaja kang dadi pangandelmoe.
30 Mripaté toemoeli paḍa kaboeka, Mak-bjar paḍang; bandjoer dipatjoehi klawan kentjeng déning Jésoes, ḍawoehé: Poma ikoe adja nganti kaweroehan ing wong. 31 Éwadéné saoendoeré toemoeli pada njoewoeraké Pandjenengané ana ing sawratané tanah kono kabèh. 32 Saoendoeré wong maoe, lah ana wong kang bisoe lan kesoeroepan ḍemit kairid marang ngarsané. 33 Bareng ḍemité woes katoenḍoeng, kang bisoe maoe bisa tjlatoe. Wong gegolongan dadiné paḍa kegawokan, pangoetjapé: Salawasé ing antarané bangsa Israèl doeroeng taoe ana kang ngalami kaja mengkéné. 34 Nanging oedjaré para Farisi mengkéné: Enggoné noenḍoengi ḍemit ikoe marga déning panggeḍené para ḍemit.

_____
aj. 30: Mt 12:16; Mk 7:36; Lk 5:14.
aj. 32: Mt 12:22; Mk 7:32; Lk 11:14.
aj. 34: Mt 12:24; Mk 3:22; Lk 11:15.

35—38. Pasemon panèn lan wong derep.

35 Jésoes toemoeli ndladjahi sakehing negara lan padésan, memoelang ana ing masdjid-masdjid, sarta nggelaraké Indjilé kraton, apadéné marasaké saroepané lelara lan saroepané memalaning wong.
36 Bareng ningali wong gegolongan, loewih banget trenjoeh galihé dening welas; awit wong akéh ikoe paḍa pating soelajah lan pating kloemproek. Wis kaja weḍoes kang paḍa ora ana pangoné.