toeng ing patoeron, digotong marang ing ngarsané.
2 Jésoes bareng mirsa ing pangandelé wong ikoe, ngandika marang kang sèmpèr maoe: Hé enggèr, diénak atimoe, dosamoe kaapoera.
3 Lah toemoeli ana sawenèhing para oelama pada ngoenandika mengkéné: Wong ikoe teka njenjamah marang Allah.
4 Saréhné Jésoes mirsa kang dadi panggraitané wong maoe, moelané ngandika: Jagéné kowé paḍa doewé
panggraita kang ala ana ing atimoe?
5 Gampang endi, ḍawoeh: Dosamoe kaapoera, karo ḍawoeh: Ngadega, loemakoea?
6 Nanging soepaja kowé paḍa soemoeroepa jèn Poetrané manoesa doewé pangawasa ngapoera dosa ana ing boemi, toemoeli ngandika marang kang sèmpèr: Ngadega, patoeronmoe angkaten, lan moeliha.
7 Wongé bandjoer ngadeg sarta moendoer moelih.
8 Wong golongan bareng weroeh, paḍa kaéraman lan ngloehoerake marang Allah, kang paring pangawasa nganti semono marang manoesa.
_____
aj. 1-8: Mk 2:1-12; Lk 5:17-26.
aj. 1: Mt 4:13; PR 9:33.
aj. 2: Ms 32:5; Js 43:25.
aj. 4: Jo 2:24, 25.
9 Sawoesé ngladjengaké tindak, Jésoes bareng langkoeng ningali wong loenggoeh ana ing pabéjan,
djenengé Mattéoes, bandjoer diḍawoehi: Meloea akoe. Mattéoes toemoeli ngadeg nḍèrèk marang Pandjenengané.
10 Ketjrita nalika pinarak ḍahar ana ing omahé Mattéoes maoe, lah toemoeli ana para djoeroe moepoe
béja lan wong dosa akèh paḍa mara nḍèrèk kemboelan klawan Jésoes lan para sachabateé.
11 Para Farisi bareng weroeh, paḍa toetoer marang sachabaté maoe, oeniné: Jagéné goeroemoe ikoe teka soedi awor mangan karo djoeroe moepoe béja lan wong dosa?
12 Jésoes bareng mijarsa, ngandika marang wong ikoe: Wong kang kewarasan ikoe ora soesah nganggo ḍoekoen, moeng kang nanḍang lara baé.
13 Nanging kowé paḍa loengaa sinaoe mangerti elidé pangandika mengkéné: Kang Soenkarsakaké ikoe kawelasan, doedoe koerban. Djenèh tekakoe iki ora ngoendang wong sampoerna, moeng wong dosa soepaja paḍa mratobata.
_____
aj. 9-13; Mk 2:13-17; Lk 5:27-32.
aj. 13: 1 Sm 15:22; Hs 6:6; Mi 6:8; Mt 12:7; 21:31; Lk 19:10; 1 Tm 1:15.
14 Para sachabaté Jochanan toemoeli paḍa marek marang ngarsané Jésoes, moendjoek pitakon: Kawoela kalijan para Farisi sami netepi sijam, mangka para sachabat Toewan teka boten, poenika kadospoendi?
15 Pangandikané Jésoes marang wong maoe: Rak ora kena ta para dajohé wong mantoe paḍa prihatin,
sasoewéné panganténé isih ana. Nanging bakal toemeka ing waktoe, panganténé kapetal saka ing antarané, ing kono bakal paḍa poewasa.
16 Lan oega ora ana wong nambalaké djarit kang tigas marang sanḍangan kang loewas; awit tambalané ikoe ora woeroeng njoewèkaké sanḍangané, dadi malah
moenḍak amba beḍahe.
17 Mengkono oega anggoer anjar ikoe ija ora diwaḍahi impes kang loewas; jèn ta mengkonoa mesṭi impesé beḍah, anggoeré dadi woetah, impesé roesak; nanging anggoer anjar ikoe diwaḍahi impes kang anjar, dadi toeloes kanggo ing gawe sakaroné.
_____
aj. 14-17: Mk 2:18-22; Lk 5:33-39.