Menyang kontèn

Kaca:Mattéoes.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

wingking ing satindak-tindak Toewan.
20 Pangandikané Jésoes: Asoe wawar paḍa doewé rong, lan manoek ing awang-awang paḍa doewé soesoeh, nanging Poetrané manoesa ora doewé panggonan kang dienggo njèlèhaké sirahé.
21 Lan ana wong lija panoeng galané para moeridé moendjoek mengkéné : Goesti, kawoela moegi Toewan lilani késah roemijin, metak poen bapa.
22 Nanging pangandikané Jésoes: Kowé méloea akoe, déné wong mati tjikbèn paḍa metak marang panoenggalané kang pada mati.

_____
aj. 18-22: Lk 9:57-60.
aj. 20: 2 Kr 8:9.
aj. 22: Rm 6:13; 1 Tm 5:6.

23—27. Goesti njirep prahara.

23 Sawoesé minggah ing praoe, para sachabaté bandjoer paḍa nḍèrèk.
24 Lah ing segara toemoeli ana prahara geḍé, praoené kongsi ketoengkeban ing ombak. Nanging Jésoes saré.
25 Para sachabaté toemoeli paḍa marek moengoe, oendjoeké: Doeh Goesti, moegi toeloeng, kawoela sami ketiwasan.
26 Pangandikané Jésoes: Jagéné kowé paḍa wedi, èh wong tjoepet ing pangandel? Bandjoer djoemeneng sarta ndoekani angin lan segara, temahan sirep ḍeḍep.
27 Wong-wong dadiné paḍa kegawokan, pangoetjapé: Baja iki wong apa ta, déné dalah angin lan segara ija paḍa ngestokaké?

_____
aj. 23-27: Mk 4:35-41; Lk 8: 22-25.
aj. 26: Aj 26:12; 38:11; Ms 107:29.

28—34. Wong kerandjingan ana ing Gadara (Gerasa).

28 Samentasé ana ing sabrang ing tanahé wong Gadara, toemoeli kepranggoel wong loro kang paḍa kesoeroepan ḍemit, tekané saka ing pakoeboeran sarta banget moetawatiri, kongsi ora ana wong kang bisa liwat ing dalan kono.
29 Lah toemoeli paḍa ngoewoeh seroe, oendjoeké: Toewan toemoet-toemoet poenapa dateng kawoela, doeh Jésoes Poetranipoen Allah? Rawoeh Toewan mriki poenapa karsa misakit ḍateng kawoela sadéréngipoen mangsa?
30 Antara dohé saka ing kono lagi ana babi sapanṭa geḍé diengon.
31 Ḍemité toemoeli paḍa darbé panjoewoen marang Jésoes, oendjoeké: Menawi Toewan ngésahaken kawoela, moegi sami kelilana mandjing ing babi sapanṭa poenika.
32 Ḍawoehé Jésoes: Paḍa loengaa. Sawetoené ḍemit bandjoer paḍa mandjing marang babi maoe. Lah sapanṭa pisan toemoeli goemroedoeg marang ing djoelegan ambjoer ing segara, pada mati klelep ana ing banjoe.
33 Kang ngengon bandjoer paḍa loemajoe, satekané ing negara toemoeli paḍa nganḍak-nganḍakaké lelakon ikoe maoe kabèh, ija oega bab wong kang maoe paḍa kesoeroepan ḍemit.
34 Lah ing kono wong sanegara bandjoer paḍa metoe meṭoek marang Jésoes; bareng ndeleng ing Pandjenengané, paḍa darbé atoer panjoewoen, moega karsaa tindak nilar ing tlatahé.

_____
aj. 28-34: Mk 5:1-20; Lk 8:26-39.
aj. 29: Jb 2:19.
aj. 34: PR 16:39.

BAB 9.
1—8. Wong sèmpèr ing Kafarnachoem.

1 Jésoes toemoeli minggah ing praoe sarta njabrang, rawoeh ing negara palerebané. Lah toemoeli ana wong kang sèmpèr, nggloen-