Jésoes: Poma kowé adja kanḍa-kanḍa marang wong; nanging loengaa, awakmoe toedoehna marang imam, sarta saosna koerban kang kapréntahaké déning Moesa minangka dadia paseksi marang wong.
_____
aj. 1-4; Mk 1:40-45; Lk 5: 12-16.
aj. 4: Km 13:2; 14:2, 10, 21, 22.
5 Bareng Jésoes woes loemebet ing Kafarnachoem, toemoeli ana panatoes pradjoerit marek marang ngarsané, sarta darbé atoer panjoewoen,
6 oendjoeké: Goesti, réntjang kawoela sèmpèr, nggloentoeng wonten ing grija kawoela, langkoeng sanget enggénipoen ngraos sakit.
7 Pangandikané Jésoes: Akoe apa mrana marasaké?
8 Wangsoelané panatoes: Goesti, boten pantes ing ngatasipoen kawoela, saoepami Toewan ngantosa rawoeh loemebet ing wangon kawoela. Nanging Toewan moegi njabdakaken kémawon, temtoe réntjang kawoela baḍé saras.
9 Kawoela poenika rak inggih tijang ingkang kapréntah sarta mbawahaken pradjoerit. Mangka menawi kawoela akèn ḍateng ingkang setoenggal: loengaa, ladjeng késah; oetawi ḍateng setoenggalipoen: mrénéa, ladjeng dateng; toewin menawi akèn ḍateng réntjang kawoela toembasan: ikoe lakonana inggih ladjeng nglampahi.
10 Jésoes bareng mijarsa kaéraman sarta ngandika marang wong kang paḍa nḍèrèk: Satemené pitoetoerkoe ing kowé: sanadyan ing bangsa Israèl, akoe doeroeng nemoe pangandel kang geḍéné seméné iki.
11 Nanging akoe pitoetoer ing kowé jèn bakal ana wong akèh teka saka ing wétan lan ing koelon, paḍa méloe kemboelan karo Abraham,
Iskak lan Jakoeb ana ing kratoné swarga,
12 mangka para poetrané kraton paḍa kaboewang metoe marang pepeteng ing djaba pisan, ing kono
bakal ana panangis lan keroting oentoe.
13 Jésoes bandjoer ngandika marang panatoes: Wis, moendoera, kowé ketekana kaja kang dadi
pangandelmoe. Batoeré maoe waras ing sanalika ikoe oega.
_____
aj. 5-13; Lk 7:1-10.
aj. 8: Ms 107: 20.
aj. 10: Mk 6:6.
aj. 11: Ml 1:11; Lk 13:28, 29; PR 13:46; Rm 15:9-12; Gl 3:14.
aj. 12 Mt 13:42; 21:43; 22:13; 24:51; 25:30; Lk 13:28; PR 28:28.
aj. 13: Jo 4:51.
14 Jésoes bareng rawoeh ing omahé Pétroes, ningali emboké maratoewa nggloentoeng nanḍang lara panastis.
15 Kang lara toemoeli didemèk tangané, temahan mari panastisé, bandjoer tangi ngladèni tamoené.
16 Bareng wajah soré ana wong akèh kang kesoeroepan ḍemit paḍa kairid marang ngarsané Jésoes. Ḍemité toemoeli paḍa ditoenḍoengi srana pangandika, lan saroepane wong kang nanḍang lelara paḍa diwarasaké.
17 Soepaja kajektènana kang kapangandikakaké déning Nabi Jesajah, wirasané: Pandjenengane
woes njanggi ing panjakit kita sarta nanḍang ing lelara kita.
_____
aj. 14-17: Mk 1:29-34; Lk 4:38-41.
aj. 14: 1 Kr 9:5.
aj. 17: Js 53:4; 1 Pt 2:24.
18 Nalika Jésoes mirsa sarirané karoeboeng ing wong golongan akèh, bandjoer ḍawoeh njabrang.
19 Toemoeli ana sawidjining oelama marek sarta moendjoek mengkéné: Goeroe, kawoela baḍé ngetoet-