Menyang kontèn

Kaca:Mattéoes.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

7 Rahajoe para wong kang ambek welasan, awit ikoe kang bakal paḍa oléh piwelas.
8 Rahajoe para wong kang boeroes atiné, awit ikoe kang bakal paḍa weroeh marang Allah.
9 Rahajoe para wong kang ḍemen ngroekoenaké, awit ikoe kang bakal paḍa kaseboet para poetrané Allah.
10 Rahajoe para wong kang dikoeja-koeja krana saka kamoersidané, awit ikoe kang paḍa ndoewèni kratoné swarga.
11 Rahajoe kowé menawa diwewada lan diojak-ojak sarta diala-ala ing wong kang klawan doratjara, krana saka akoe.
12 Paḍa soeka-boengaha, sabab geḍé gandjaranmoe ana ing swarga; awit ija kaja mengkono oega para nabi kang sadoeroengé kowé enggoné paḍa diojak-ojak.

_____
aj. 1-12: Lk 6:20-26.
aj. 3: Js 57:15; 61:1; 66:2; Jb 2:5.
aj. 4: Js 40:1; 57:18; 61:2, 3: Jb 4:9.
aj. 5: Ms 37:11; Mt 11:29; Tt 3:2.
aj. 6: Js 55:1, 2; 65:13; Lk 1:53.
aj. 7: Jb 2:13.
aj. 8: Ms 15:2; 24:3, 4; Ib 12:14; 1 Jo 3:2, 3; Wj 22:4.
aj 9: Rm 8:14; Jb 3:18; Jo 3:1.
aj. 10: 2 Kr 4:10; 2 Tm 3:12; 1 Pt 2:19; 3:14.
aj. 11: Jb 1:2; 5:11; 1 Pt 4:14; 1 Jo 3:13
aj. 12: 2 Bb 36:15; 16; Mt 23:34-37; Lk 13:33, 34; PR 5:41; 7:52; Rm 5:3; Jb 5:10; 1 Pt 4:13.

II. Bab oejahing boemi lan pepaḍanging djagad. 13—16.

13 Kowé ikoe paḍa dadi oejahing boemi; mangka oejah ikoe menawa ilang asiné, kang kagawé moelihaké asiné apa? Woes ora ana paédahé apa-apa, kedjaba moeng diboewang lan diidak-idak ing wong.
14 Koweé ikoe paḍa dadi pepadanging djagad; koeta kang ana ing ḍoewoer goenoeng ikoe ora bisa kaling-kalingan.
15 Wong njoemed damar ikoe ora toemoeli dikoerebi tompo, malah ditoempangaké ing adjoeg-adjoeg, temah maḍangi marang wong kang ana ing djero omah kabèh.
16 Kaja mengkono paḍangmoe sorotna marang wong, soepaja ikoe paḍa soemoeroepa panggawémoe kang betjik, lan paḍa ngloehoerna marang Ramakmoe kang ana ing swarga.

_____
aj. 13: Mk 9:50; Lk 14:34, 35.
aj. 14: Jo 8:12; Ef 5:8: Fl 2:15.
aj. 15: Mk 4:21; Lk 8:16; 11:33.
aj. 16: Jo 8:12; 15:18; 1 Pt 2:12.

III. Bab netepi ing angger-angger. 17—48.
1. Bab kabeneran kang sampoerna. 17—20.

17 Kowé adja paḍa doewé pangira jèn tekakoe njoewak marang Torèt oetawa Kitabé para Nabi; tekakoe ora njoewak, malah moedjoedaké.
18 Awit satemené pitoetoerkoe ing kowé: Nganti sasirnané langit lan boemi ing angger-angger bakal ora sirna sa-ijod oetawa satjorèk, nganti wis kelakon sakabèhé.
19 Moelané sing sapa ngorakaké marang salah sawidjining pepakon iki sanadyan kang tjilik ḍéwé sarta memoelang marang wong kaja mengkono, ikoe bakal kaaranan tjilik ḍéwé ana ing kratoné swarga; balik sing sapa nglakoni toewin moelangaké, ikoe bakal kaaranan geḍé ana ing kratoné swarga.
20 Awit pitoetoerkoe ing kowé: Menawa kasampoernanmoe ora banget ngoengkoeli para oelama lan para Farisi, mesti kowé paḍa ora bakal loemeboe ing kratoné swarga.

_____
aj. 17: Rm 3;31; 10:4.
aj. 18 Lk 16:17.
aj. 19: Gl 3:10; Jb 1:25; 2:10; 1 Jo 2:3-5.

2. Bab mematèni. 21—26.

21 Kowé woes paḍa ngroengoe jèn para leloehoer kawarah mengkéné: Sira adja mematèni, nanging sing sapa mematèni ikoe dadi katrap ing pradata.
22 Akoe iki malah pitoetoer ing